Suraos ingkang sakleresipun saking tindak dhateng panggenan suci inggih menika — kangge kepanggih kaliyan para sarjana lantip ingkang wasis wonten nglebet seserepan rohani. Piyambakipun sedaya manggen wonten mrika. Nindakaken sesrawungan kaliyan piyambakipun sedaya lan nampi seserepan saking piyambakipun sedaya — punika angkahipun palumaksanan ziarah. Amargi wonten nglebetipun kridha ziarah dhateng panggenan-panggenan suci … Sami perkawisipun kaliyan kawula piyambak, panggenan kawula wonten ing Vṛndāvana. Dados, wonten kathah para sarjana agunglan para priyantun suci ingkang manggen. Saengga satunggaling priyantun kersanipuntindak dhateng panggenan-panggenan suci kados mekaten mboten naming sakderma kangge siram wonten nglebet toya kemawon.
|