JV/690905 Kelas - Srila Prabhupada Ngendikakaken Setunggal Tetes Nektar Wonten Ing Hamburg

Revision as of 08:08, 8 July 2020 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "Category:JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada Category:JV/Tetesan Nektar - 1969 Category:JV/Tetesan Nektar - Hamburg {{Audiobox_NDrops|JV/Javane...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)
JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada
Guru karohanen sanes minangka satunggaling reriptaan ingkang enggal. Punika sakderma namung pekawis menggah ing ngestokaken dhawuh sakingguru karohanen kemawon. Dados, sedaya sisya kawula ingkang rawuh wonte mriki ngraos kajibah … Kawula ugi ngraos kajibah dhateng piyambakipun sedaya, amargi piyambakipun sampun mbiyantu kawula nindakaken pakaryan panyebaran punika. Wonten ing wekdal ingkang sami, kawula badhe mundhut dhateng piyambakipun sedaya kangge dados guru karohanen. Saklajengipun, panjenengan piyambak-piyambak kedah dados guru karohanen. Lan menapa jibah punika? Menapa kemawon ingkang sampun panjenengan sedaya miring saking kawula, menapa kemawon ingkang sampun panjenengan sedaya wulang saking kawula, mila panjenengan sedaya kedah nyebaraken perkawis ingkang sami punika tamanpa wontenipun embel-embel utawi ewahan. Mila panjenengan sedaya dados guru karohanen. Kados mekaten seserepan kangge dados guru karohanen.Guru karohanen mboten patos … Kangge dados satunggaling guru karohanen punika sanes minangka setunggal perkawis ingkang patos ewed. Satunggaling priyantun namungkedah dados atma ingkang tuhu. Punika kemawon.
690905 - Kelas Nalikanipun Karamean Dinten Miyosan, Sri Vyasa-puja - Hamburg