JV/Prabhupada 0073 - Vaikuṇṭha Suraosipun Tamanpa Raos Kuwatos

Revision as of 13:00, 27 May 2019 by Gusti (talk | contribs)
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


Lecture on BG 10.2-3 -- New York, January 1, 1967

Suraosipun sanes bilih namung wonten ing salebetipun sesrawungan wonten mriki panjenengan kedah nindakaken perkawis-perkawis punika. Panjenengan kedah mucali cara punika lan panjenengan saged nindakaken perkawis punika wonten ing griyanipun panjenengan. Panjenengan ugi saged nyawisaken pranatan ingkang kados mekaten, pranatan ingkang sae, wonten ing griyanipun panjenengan, lan ngaturaken sedayanipun dhateng Kṛṣṇa. Punika mboten ewed sanget. Kawula sedaya nyawisaken lan ngaturaken dhateng Kṛṣṇa saben dintenipun lan saklajengipun ngendikakaken mantra,

namo brahmaṇya-devāya
go-brāhmaṇa-hitāya ca
jagad-dhitāya kṛṣṇāya
govindāya namo namaḥ

Punika kemawon. Mboten ewed sanget. Saben priyantun saged nyawisaken dhaharan lan ngaturaken dhateng Kṛṣṇa, lajeng nampi dhaharan punika, lan saklajengipun lenggah sesarengan kaliyan para anggota kulawarganipun utawi para mitranipun, panjenengan saget lenggah lan saklajengipun nindakaken japa wonten ngajengipun gambar Kṛṣṇa,

Hare Kṛṣṇa Hare Kṛṣṇa Kṛṣṇa Kṛṣṇa Hare Hare
Hare Rāma Hare Rāma Rāma Rāma Hare Hare

lajeng nglampahi gesang wonten ing gesang ingkang murni. Mangke mangga dipunpirsani pikantukipun. Menawi saben griya lan saben priyantun nindakaken prinsip pambudi dhateng Kṛṣṇa punika, mila sedayanipun badhe dados ... Sakindhenging donya badhe dados Vaikuṇṭha. Vaikuṇṭha suraosipun ingkang mboten wonten roas kuwatos. Vaikuṇṭha. Vai suraosipun tamanpa lan kuṇṭha suraosipun raos kuwatos. Ngalam donya punika luber ing raos kuwatos. Sadā samudvigna-dhiyām asad-grahāt (SB 7.5.5). Amargi kawula sedaya sampun nampi kawontenan ingkang asipat samentawis saking gesang material punika, mila kawula sedaya tansah dipunmomoti raos kuwatos. Perkawis ingkang suwalikipun wonten ing salebeting donya rohani, wonten pundi para planetipun dipunwastani minangka Vaikuṇṭha. Vaikuṇṭha suraosipun tamanpa raos kuwatos.

Kawula sedaya ngersakaken dados mardika saking raos kuwatos. Saben priyantun ngiktiyaraen kangge ndadosaken piyambakipun mardika saking raos kuwatos, nanging piyambakipun mboten mangertosi kados pundi caranipun kangge medal saking raos kuwatos punika. Madosi pangayoman kanthi cara ndem-ndeman mboten ndadosaken satunggaling priyantun mardika saking raos kuwatos. Punika minangka sakwerni jampi. Punika namung kangge nyupekaken kemawon. Kadang kawis, kangge sauntawis wekdal kawula sedaya nyupekaken sedayanipun, nanging saknalikanipun panjenengan ngangsalaken kainsapanipun, mila raos kuwatos sarta sedayanipun ingkang sami wau menika badhe wangsul malih wonten mrika. Dados perkawis punika mboten badhe mbiyantu panjenengan.

Menawi panjenengan ngersakaken dados mardika saking raos kuwatos lan menawi panjenengan sayekti ngersakaken gesang langgeng ingkang luber ing karaharjan sarta seserepan, mila punika prosesipun. Punika prosesipun. Panjenengan kedah mangertosi Kṛṣṇa. Wonten mriki dipratelaaken kanthi kawistara bilih, na me viduḥ sura-gaṇāḥ (BG 10.2). Mboten wonten satunggal priyantunpun ingkang saged mangertosi. Nanging wonten setunggal cara. Sevonmukhe hi jihvādau svayam eva sphuraty adaḥ (Brs. 1.2.234). Punika prosesipun. Wonten ing panggenan-panggenan ing salebetipun Śrīmad-Bhāgavatam wonten pundi proses-proses punika dipunandharaken lumantar maneka werni cara ingkang benten-benten. Sami kados dene ing satunggaling panggenan, perkawis punika dipunpratelaaken minangka,

jñāne prayāsam udapāsya namanta eva
jīvanti san-mukharitāṁ bhavadīya-vārtām
sthāne sthitāḥ śruti-gatāṁ tanu-vāṅ-manobhir
ye prāyaśo 'jita jito 'py asi tais tri-lokyām
(SB 10.14.3)

Punika minangka sloka ingkang sae sanget. Dipundhawuhaken bilih ajita, mboten satunggal priyantunpun ingkang mangertosi. Asma sanesipun Gusti Pangeran inggih menika Ajita. Ajita suraosipun mboten satunggal priyantunpun ingkang saged ngawonaken Panjenenganipun. Mboten satunggal priyantunpun saged nggayuh Panjenenganipun. Amargi menika asmanipun Ajita. Dados Ajita dados dipunkawonaken. Ajita jito 'py asi. Senaos dene Gusti Pangern mboten saged dipunmangertosi, Gusti Pangeran mboten kapunkawonaken, nanging Panjenenganipun taksih saged dipunkawonaken. Kados pundi caranipun? Sthāne sthitāḥ.