JV/Prabhupada 1062 - Kawula Sedaya Nggadhahi Pepinginan Kangge Nguwaosi Ngalam Donya Material

Revision as of 04:09, 12 July 2019 by Vanibot (talk | contribs) (Vanibot #0023: VideoLocalizer - changed YouTube player to show hard-coded subtitles version)
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Dados kawula sedaya wonten ing salebetipun kalepatan. Nalikanipun kawula sedaya mirsani samukawis ingkang ngedap-edapi ing salebetipun ngalam kosmik punika, kawula sedaya kedahipun nyumerapi bilih wonten ing wingkingipun samukawis ingkang ngedap-edabi wau tansah wonten ingkang ngendhalekaken. Mboten wonten satunggaling wewujudan menapa kemawon ingkang saget mawujud tanpa dipunkendhalekaken. Menawi kawula sedaya mboten menggalih wontenipun sang pangendhali, tumindak punika kados dene tumindakipun lare alit. Kados dene satunggaling praoto ingkang sae sanget lan ingkang saget mlampah kanthi santer sanget lan dipunpiranteni dening pranatan teknis ingkang remit, lajeng praoto menika saweg mlampah ing margi ageng. Lare alit mbok menawi menggalih, "Piye carane praoto iku iso mlaku banter, tanpa anane jaran utawa piranti kanggo nggeret liyane?" Nanging satunggaling priyantun ingkang waras utawi tiyang ingkang sampun kathah kupiyanipun, piyambakipun saget mangertosi bilih sanaos wonten pranatan-pranatan teknis ing salebetipun praoto menika, nanging tanpa wontenipun tiyang ingkang nyopiri praoto menika, mila praoto menika mboten saget ebah. Pranatan teknis saking satunggaling praoto utawi ing salebetipun gedhong pembangkit listrik .... Sapunika samukawis kalampahaken ndamel mesin, nanging kawula sedaya kedah mangertosi bilih ing wonten wingkingipun sistem mesin punika, ing wonten wingkingipun tata laksana sistem mesin ingkang remit menika, tansah wonten tiyang ingkang nyopiri.

Dados Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa menika minangka kaprianggan ingkang nyopiri, utawi adhyakṣa. Panjenenganipun minangka Kaprianggan Ingkang Utami lan samukawis ingkang sanesipun lumampah miturut arahanipun. Sapunika, para jīva utawi sagung dumadi punika, piyambakipun sedaya sampun ditampi dening Gusti Pangeran ing salebetipun Bhagavad-gītā punika, sami kados dene ingkang badhe dipunsumerapi dening kawula sedaya ing parwa-parwa salajengipun, bilih piyambakipun sedaya minangka pletikan ingkang mboten saget dipunuwalaken saking Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Mamaivāṁśo jīva-bhūtaḥ (BG 15.7). Aṁśa suraosipun pletikan ingkang mboten saget dipunuwalaken. Sapunika, sami kados dene setunggaling brongkalan emas ugi minangka emas amargi nggadhahi tatanan unsur ingkang sami, lan setunggal tetes toya segara ugi nggadhahi raos ingkang asin, mila mekaten ugi, kawula sedaya, sagung dumadi, ingkang minangka pletikan ingkang mboten saget dipunuwalaken saking Kapringgan Ingkang Maha Ngendhalekaken, inggih menika Īśvara, Bhagavān, utawi Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, kawula sedaya nggadhahi, ingkang kawula kajengaken, sedaya sipatipun Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, nanging sipatipun alit sanget cacahipun. Amargi kawula sedaya minangka para īśvara alit, utawi para īśvara andhahan. Kawula sedaya ugi marsudi ngendhalekaken. Kawula sedaya saweg marsudi ngendhalekaken ngalam punika. Sapunika panjenengan ugi saweg marsudi badhe ngendhaliaken antariksa. Panjenengan saweg nyobi ngrambangaken planet-planet ingkang lancung, ingkang dipundamel dening panjenengan piyambak. Dados, pepinginan kangge ngendhalekaken utawi ngriptaaken menika wonten saestu amargi kawula sedaya nggadhahi sabageyan pepinginan kangge ngendhalekaken punika. Nanging kawula sedaya kedahipun mangertosi bilih pepinginan ingkang kados mekaten punika mboten cekap. Kawula sedaya nggadhahi pepinginan kangge ngendhalekaken ngalam donya material, kangge nguwaosi ngalam donya material, nanging kawula sedaya menika sanes ingkang pangendhali ingkang utami. Babagan punika dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā.

Lajeng, menapa ngalam donya material punika sejatosipun? Ngalam punika inggih sampun dipunandharaken wonten mrika. Ngalam, ngalam donya material, dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā minangka prakṛti ingkang sipatipun langkung andhap. Prakṛti ingkang sipatipun langkung andhap, nanging sagung dumadi dipunandharaken minangka prakṛti ingkang sipatipun langkung inggil. Prakṛti suraosipun ingkang dipunkendhalekaken, ingkang wonten ing andhap ... Prakṛti, suraos ingkang sejati saking prakṛti inggih menika tiyang estri utawi wanodya. Sami kados dene satunggaling garwa kakung ingkang ngendhalekaken sedaya laku saking garwa estrinipun, pramila sami kados dene, prakṛti minangka andhahan utawi ingkang dipunkuwaosi. Gusti Pangeran, Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, Panjenenganipun minangka ingkang nguwaosi, lan prakṛti punika, kalih-kalihipun, sagung dumadi lan ngalam donya material punika, piyambakipun sedaya minangka prakṛti ingkang benten-benten, nanging piyambakipun sedaya dipunkendhalekaken dening Gusti Pangeran Ingkang Utami. Dados miturut Bhagavad-gītā, sagung dumadi, sanaos dene piyambakipun sedaya minangka pletikan ingkang mboten saget dipunuwalaken saking Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, nanging piyambakipun sedaya kagolongaken minangka prakṛti. Babagan punika sampun kawistara sanget dipunatur-priksaaken ing Parwa Kaping Pitu saking Bhagavad-gītā, apareyam itas tu viddhi aparā (BG 7.5). Ngalam donya material punika minangka aparā iyam. Itas tu, lan ing wonten inggil piyambakipun wonten prakṛti sanesipun. Lajeng, prakṛti menapa ingkang wonten ing inggil piyambakipun? Jīva-bhūta, punika ...

Dados prakṛti punika, kawontenan saking prakṛti punika dipuntata miturut tiga sipat : sipat kabecikan, sipat napsu lan sipat kamboten-lantipan. Lan ing wonten inggilipun tiga sipat punika, tiga sipat ingkang benten-benten inggih menika kabecikan, napsu lan kamboten-lantipan, wonten kala ingkang langgeng. Wonten kala ingkang langgeng. Lan lumantar wewantahan saking sedaya sipatipun ngalam punika sarta lumantar pangendhalian saking kala, ing salebeting wewengkon kala ingkang langgeng, mila wonten laku utawi kridha. Wonten laku utawi kridha ingkang dipunwastani minangka karma. Laku utawi kridha punika sampun katumindhakaken saking kala semanten, lan kawula sedaya nandang sengsara utawi ngrahapi pamiyos saking laku lan kridha kawula sedaya punika.