JV/690509 Kelas - Srila Prabhupada Ngendikakaken Setunggal Tetes Nektar Wonten Ing Columbus

JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada
Advaita suraosipun Kṛṣṇa miyaraken dhiri Panjenenganipun. Kṛṣṇa saged miyaraken dhiri Panjenenganipun, mila kados mekaten Gusti Pangeran punika. Sami kados dene nalikanipun kawula saweg lenggah wonten mriki lan panjenengan ugi saweg lenggah wonten mriki. Umpaminipun panjenengan saweg dipunpadosi dening para sedherek panjenengan wonten ing griya, lan menawi wonten priyantun ingkang mundhut pirsa bilih, “Menapa Bapak Anu wonten ing griya?” mila wangsulanipun badhe kados mekaten … “Mboten. Piyambakipun mboten wonten ing griya.” Kṛṣṇa mboten kados mekaten. Kṛṣṇa, goloka eva nivasaty akhilātma-bhūtaḥ (BS 5.37). Panjenenganipun rawuh wonten pundi-pundi. Sanes amargi Kṛṣṇa saweg dhawuh sareng Arjuna wonten ing madyalaga Kurukṣetra, lajeng amargi menika Panjenenganipun mboten wonten ing Goloka atau di Vaikuṇṭha, … mboten namung ing Goloka, ing Vaikuṇṭha, nanging wonten pundi-pundi. Panjenengan badhe manggihi wonten nglebet Bhagavad-gītā, bilih Kṛṣṇa ugi wonten mriki, ing wekdal sakmenika. Īśvaraḥ sarva-bhūtānāṁ hṛd-deśe arjuna tiṣṭhati ( BG 18.61). Kṛṣṇa wonten ing saklebeting batin sedaya priyantun. Wonten Kṛṣṇa ing saklebeting batin panjenengan, wonten Kṛṣṇa ing saklebeting batin kawula lan wonten nglebet batinipun sedaya priyantun.
690509 - Kelas BG 04.01-2 - Columbus