JV/701104 Pangendikan - Srila Prabhupada Ngendikakaken Setunggal Tetes Nektar Wonten Ing Bombay

JV/Javanese - Tetesan Nektar Saking Srila Prabhupada
Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa piyambak dhawuh bilih, “Pasrah dhiri marang Aku.” Lajeng sampun pinten priyantun ingkang sampun pasrah dhiri dumugi wekdal sakmenika? Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa dhawuh wonten nglebet Bhagavad-gītā bilih, “Lereni sakkabehe banjur pasrah dhiri marang Aku,” (BG 18.66) Dados, pinten priyantun ingkang sampun nindakakenperkawis punika? Dados, punika panyuwun pirsa ingkang nranyak bilih, “Menawi sedaya priyantun pasrah dhiri, lajeng menapa ingkang badhe kedadosan dhateng ngalam donya punika?” Nanging perkawis punika mboten badhe nate kelampahan. Ewed sanget kangge pasrah dhiri. Lan piyambakipun mboten mangertosi perkawis punika. (ngendikan basa Hindi). Mboten saben priyantun dipunangen-angen kangge dados satunggaling sādhu. Kangge dados sadhu sanes satunggaling perkawis ingkang gampil, upaminipun ingkang gegayutan kanthi sipat sadhu ingkang suci.
701104 - Pangendikan - Bombay