JV/Prabhupada 0002 - Kasusilan Para Priyantun Ingkang Mboten Waras



Lecture on SB 6.1.49 -- New Orleans Farm, August 1, 1975

Harikeśa : Tarjemahan ... "Kados dene satunggaling priyantun ingkang saweg sare lan ngimpi, piyambakipun tumindak miturut salira ingkang dipunwujudaken ing salebetipun impenipun, utawi nampi salira punika minangka dhirinipun piyambak, sami kados dene, piyambakipun mastani saliranipun ingkang sapunika minangka dhirinipun piyambak, ingkang dipunangsalaken minangka kasil saking gesang wekdal rumiyinipun ingkang soleh utawi ingkang mboten soleh, lan piyambakipun mboten saget mangertosi wekdal rumiyinipun utawi tembe wingkingipun."

Prabhupāda [SB 6.1.49] :

yathājñas tamasā (yukta)
upāste vyaktam eva hi
na veda pūrvam aparaṁ
naṣṭa-janma-smṛtis tathā
(SB 6.1.49)

Punika kalenggahan kawula sedaya. Punika kamajenganipun ngelmu seserepan kawula sedaya, bilih kawula sedaya mboten mangertosi, "Sinten sejatosipun kawula sadherengipun gesang punika lan badhe dados menapa kawula sasampunipun gesang sapunika?" Gesang minangka satunggaling ingkang lembat-linembatan. Punika ngelmu seserepan rohani. Nanging piyambakipun sedaya malah ugi mboten mangertosi bilih gesang punika minangka satunggaling ingkang lembat-linembatan. Sedayanipun menggalih, "Kaleresan kawula ngangsalaken gesang punika lan gesang punika badhe rampung sasampunipun seda. Mboten wonten ingkang dipunwastani minangka wekdal ingkang rumiyin, wekdal sapunika utawi tembe wingking. Mangga kawula sedaya ngrahapi." Punika ingkang dipunwastani minangka ingkang mboten lantip, tamasā, satunggaling gesang ingkang mboten nanggel jawab. Dados ajñaḥ. Ajñaḥ suraosipun priyantun ingkang mboten nggadhahi seserepan. Lan sinten ingkang mboten nggadhahi seserepan punika? Sapunika, tamasā. Inggih menika sedayanipun ingkang wonten ing salebetipun sipat ingkang mboten lantip. Wonten tigang werni sipatipun ngalam material, inggih menika : sattva, raja, tamas. Sattva-guṇa suraosipun sedayanipun kawistara, prakāśa. Sami kados wekdal sapunika nalikanipun antariksa dipunlimputi dening mega, tejanipun surya mboten katingal. Nanging ing saknginggilipun mega wonten tejanipun surya, sedayanipun ketingal kanthi cetha. Lan ing salebetipun mega, sedayanipun mboten cetha. Sami kados dene, piyambakipun sedaya ingkang wonten ing salebetipun sattva-guṇa, mila kangge piyambakipun sedaya, sedayanipun cetha. lan piyambakipun sedaya ingkang wonten ing salebetipun tamo-guṇa, sedayanipun peteng, lan piyambakipun sedaya ingkang wonten ing antawisipun kekalih sipat punika, sanes sattva-guṇa, sanes tamo-guṇa, nanging wonten ing antawisipun, mila sedayanipun dipunwastani minangka rajo-guṇa. Tigang werni guṇa. Tamasā. Piyambakipun sedaya namung kesengsem dhateng saliranipun wekdal sapunika, mboten merdulekaken menapa kemawon ingkang badhe kedadosan, lan mboten nggadhahi seserepan menggah ing sinten piyambakipun sedaya sadherengipun. Wonten panggenan sanesipun ingkang dipunandharaken kados mekaten : nūnaṁ pramattaḥ kurute vikrama (SB 5.5.4). Pramattaḥ, kados priyantun ingkang mboten waras. Piyambakipun mboten mangertosi kenging menapa piyambakipun sampun dados mboten waras. Piyambakipun kesupen. Lan lumantar kridhanipun, piyambakipun mboten mangertosi menapa kemawon ingkang badhe kedadosan salajengipun. Para priyantun ingkang mboten waras.

Dados kasusilan punika, kasusilan modhern punika minangka kasusilanipun para priyantun ingkang mboten waras. Piyambakipun sedaya mboten nggadhahi seserepan menggah ing gesang wekdal rumiyinipun, lan piyambakipun sedaya ugi mboten kesengsem dhateng gesang tembe wingkingipun. Nūnaṁ pramattaḥ kurute vikrama (SB 5.5.4). Lan piyambakipun sedaya dados dipunewedaken ing salebetipun kridha ingkang duraka amargi sedayanipun mboten nggadhahi seserepan menggah ing gesang wekdal rumiyinipun. Sami kados dene satunggaling segawon. Piyambakipun mboten mangertosi kenging menapa piyambakipun sampun dados segawon lan menapa ingkang badhe dados gadhahanipun salajengipun? Dados, satunggaling segawon mbok menawi kemawon sampun dados satunggaling mantri pangarsa utawi patih ing salebetipun gesang wekdal rumiyinipun, nanging nalikanipun piyambakipun ngangsalaken gesang dados satunggaling segawon, piyambakipun kesupen dhateng perkawis punika. Punika minangka salah satunggalipun pangaribawa ingkang sanesipun saking māyā. Prakṣepātmikā-sakti, āvaraṇātmikā-sakti. Māyā nggadhahi kalih werni daya kekiyatan. Menawi satunggaling priyantun ingkang amargi kridha duraka ing wekdal rumiyinipun sampun dados satunggaling segawon, lan menawi piyambakipun eling bilih, "Rumiyin kawula dados mantri pangarsa utawi patih, sapunika kawula sampun dados segawon," mila badhe dados mestail gesang punika kangge piyambakipun. Amargi menika māyā ngelimputi seserepanipun. Mṛtyu. Mṛtyu suraosipun nyupeaken sedayanipun. Punika ingkang dipunwastani minamgka mṛtyu. Dados kawula sedaya ngangsalaken kupiya saben dinten lan saben dalu. Nalikanipun ing wekdal dalu kawula sedaya ngimpi wonten ing salebetipun swasana ingkang uwal, ing salebetipun satunggaling gesang ingkang uwal, mila kiawula sedaya kesupen dhateng salira punika bilih, "Kawula saweg sarean. Saliranipun kawula saweg sarean ing salebetipun satunggaling apartemen ingkang sae sanget, pasarean ingkang sae sanget." Mboten. Umpaminipun piyambakipun saweg lelimeran ing margi utawi piyambakipun saweg wonten ing nginggilipun satunggaling gumuk. Dados, piyambakipun saweg migatosaken, ing salebetipun impenipun, piyambakipun saweg migatosaken ... Saben priyantun, kawula sedaya nanging migatosaken salira punika kemawon. Kawula sedaya nyupeaken salira wekdal rumiyin. Dados punika minangka ingkang mboten lantip. Dados punika ingkang mboten lantip, Tansaya kawula sedaya mindhakaken dhiri saking ingkang mboten lantip dhateng seserepan, mila punika minangka angsal damelipun gesang. Lan menawi kawula sedaya panggah ngimbar dhiri kawula sedaya wonten ing salebetipun ingkang mboten lantip, mila punika sanes minangka angsal damelipun gesang. Punika minangka reribedipun gesang. Dados pakempalan kainsapan Kṛṣṇa gadhahipun kawula sedaya punika dipuntujoaken kangge mindhakaken satunggaling priyantun saking ingkang mboten lantip dhateng seserepan. Punika sedaya rancanganipun kasusastran Veda : kangge mbebasaken satunggaling priyantun. Kṛṣṇa dhawuh ing salebetipun Bhagavad-gītā menggah ing para panyembah - sanes mboten kangge sedaya priyantun - teṣāṁ ahaṁ samuddhartā mṛtyu-saṁsāra-sāgarāt (BG 12.6-7). Ingkang sanesipun :

teṣāṁ evānukampārtham
aham ajñāna-jaṁ tamaḥ
nāśayāmy ātma-bhāva-stho
jñāna-dīpena bhāsvatā
(BG 10.11)

Kangge perkawis ingkang mligi, kangge para panyembah ... Panjenenganipun wonten ing salebetipun hredyananipun saben priyantun, nanging satunggaling panyembah ingkang ngiktiyar kangge mangertosi Kṛṣṇa, mila Panjenenganipun mbiyantu. Panjenenganipun mbiyantu. Kangge ingkang sanes panyembah, sedayanipun mboten nggadhahi kaperdulen dhateng perkawis punika ... Piyambakipun sedaya kados para satwa - nedha, tilem, sesambetan seks sarta mbela dhiri. Piyambakipun sedaya mboten merdulekaken menapa kemawon kangge mangertosi Gusti Pangeran utawi kangge mangertosi sesambetanipun kaliyan Gusti Pangeran. Kangge piyambakipun sedaya, sedayanipun menggalih bilih Gusti Pangeran punika mboten wonten, lan Kṛṣṇa kanthi mekaten ugi dhawuh, "Ya, Gusti Pangeran iku ora ana. Dadi sampeyan turu wae." Amargi menika sat-saṅga dipunbetahaken. Sat-saṅga punika, satāṁ prasaṅgāt. Lumantar sesrawungan kaliyan para panyembah, kawula sedaya ngwungokaken raos kepengin mangertos menggah ing Gusti Pangeran. Amargi menika center-center dipunbetahaken. Sanes tanpa wontenipun wigati mila kawula sedaya mbikak kathah sanget center-center. Sanes mekaten. Punika dipuntujoaken kangge kabecikanipun masarakat para jalmi.