JV/Prabhupada 0004 - Sampun Pasrah Dhiri Dhateng Ingkang Namung Minangka Umuk-umukan



Lecture on BG 10.2-3 -- New York, January 1, 1967

Prosesipun .... Punika ugi dipunsebataken ing salebetipun Bhagavad-gītā. Tad viddhi praṇipātena paripraśnena sevayā (BG 4.34). Menawi panjenengan ngersaaken kangge mangertosi ngelmu seserepan rohani punika, mila panjenengan kedah tumut prinsip punika. Prinsip menapa punika? Tad viddhi praṇipātena. Panjenengan kedah pasrah dhiri. Sami kados dene : kados dene namanta eva. Kejawi menawi panjenengan dados legawa, mila panjenengan mboten saget dados atma ingkang sampun pasrah dhiri. Lan wonten pundi? Praṇipāta. Wonten pundi panjenengan badhe manggihaken satunggaling priyantung ingkang ... "Menapa piyambakipun ingkang dados priyantunipun ... Menapa punika priyantun ingkang dhateng piyambakipun kawula saget pasrah dhiri?" Mila punika suraosipun inggih menika bilih kawula sedaya kedah nindakaken sekedhik ujian menggah ing dhateng sinten kawula sedaya kedah pasrah dhiri. Sakmbotenipun dumugi wates punika ingkang kedah panjenengan mangertosi. Sampun pasrah dhiri dhateng menapa kemawon ingkang namung minangka umuk-umukan. Panjenengan kedah ... Lan kados pundi kalantipan utawi umuk-umukan punika saget dipunmangertosi? Punika ugi dipunsebataken ing salebetipun śāstra. Punika dipunsebataken ing salebetipun Kaṭha Upaniṣad. Tad viddhi praṇipātena pari ... (BG 4.34). Kaṭha Upaniṣad ngunandika bilih : tad-vijñānārthaṁ sa gurum evābhigacchet śrotriyaṁ brahma-niṣṭham [MU 1.2.12]. Śrotriyam suraosipun satunggaling priyantun ingkang miyos lumantar galer paguron. Lan menapa buktinipun bilih piyambakipun miyos lumantar galer paguron punika? Brahma-niṣṭham. Brahma-niṣṭham suraosipun piyambakipun yakin sanget dhateng Kaluhuran Tanpa Wates Ingkang Utami Mila dhateng piyambakipun panjenengan kedah pasrah dhiri. Praṇipāta. Praṇipāta suraosipun prakṛṣṭa-rūpeṇa nipātam, tanpa sarat.

Menawi panjenengan manggihaken priyantun ingkang kados mekaten, mila panjenengan pasrah dhiri dhateng piyambakipun. Praṇipāta. Lan iktiyaraken kangge ngladosi piyambakipun, iktiyaraken kangge nglegaaken piyambakipun, lan mendhet pirsa dhateng piyambakipun. Mila sedayanipun badhe dipunwedharaken. Panjenengan kedah manggihaken satunggaling priyantun ingkang nggadhahi kawisesan ingkang kados mekaten lan pasrah dhiri dhateng piyambakipun. Pasrah dhiri dhateng piyambakipun suraosipun pasrah dhiri dhateng Gusti Pangeran, amargi piyambakipun minangka walinipun Gusti Pangeran. Nanging panjenengan angsal mendhet pirsa, sanes kangge nelas-nelasaken wekdalipun, nanging kangge saget mangertosi. Punika ingkang dipunwastani minangka paripraśna. Punika proses-prosesipun. Dados sedayanipun wonten ing mrika. Kawula sedaya nanging kedah nindakaken kemawon. Nanging menawi kawula sedaya mboten nindakaken proses punika lan namung nelas-nelasaken wekdalipun kangge mendem-mendeman lan ngengen-engen sarta nindakaken sedaya kridha ingkang mboten-mboten, oh, mila sedayanipun wau mestail badhe nate dados dipunwujudaken. Panjenengan mboten nate badhe mangertosi sinten Gusti Pangeran punika. Amargi Gusti Pangeran malah ugi mboten saget dipunmangertosi dening para dewa lan para resi agung. Lajeng menapa malih suaraosipun pamarsudi ingkang alit saking kawula sedaya punika?

Dados kados mekaten prosesipun. Lan menawi panjenengan tumut, asammūḍhaḥ, asammūḍhaḥ, menawi panjenengan tumut prinsip-prinsip punika mila kanthi rindhik nanging yekti, asammūḍhaḥ, tanpa wontenipun kamangu-mangon menapa kemawon, panjenengan badhe ngawujudaken punika ... Punika minangka ... Pratyakṣāvagamaṁ dharmyam. Menawi panjenengan tumut proses punika, mila panjenengan piyambak badhe mangertosi bilih, "Inggih, kawula sampun ngangsalaken." Nanging punika sanes dipunsuraosaken bilih panjenengan saweg wonten ing pepeteng, bilih panjenengan saweg tumut kanthi tanpa dipungalih. Nalikanipun panjenengan tumut prinsip-prinsip punika, mila panjenengan badhe mangertosi.

Sami kados dene menawi panjenengan dhahar dhaharan ingkang jangkep gizinipun kanthi leres, mila panjenengan badhe ngraosaken bilih panjenengan dados kiyat lan raos anglihipun dados dipunlegaaken. Panjenengan mboten kedah mendhet pirsa dhateng sinten kemawon. Panjenengan badhe ngraosaken piyambak. Sami kados dene, menawi panjenengan rawuh dhateng margi ingkang leres lan menawi panjenengan tumut prinsip-prinsip punika, mila panjenengan badhe mangertosi, "Inggih, kawula saweg ndamel kamajengan." Pratyakṣa ... Ing salebetipun Parwa Kaping Sanga, Panjenenganipun dhawuh : pratyakṣāvagamaṁ dharmyaṁ susukham.

Lan perkawis punika gampil sanget. Lan panjenengan saget nindakaken perkawis punika ing salebetipun swasana batin ingkang bingah lan raharja. Lan menapa prosesipun punika? Kawula sedaya ngendikaaken Hare Kṛṣṇa lan dhahar kṛṣṇa-prasāda lajeng nyinau filsafat Bhagavad-gītā, mirengaken suwantenipun musik ingkang ulem. Menapa sedayanipun satunggaling perkawis ingkang ewed sanget? Menapa sedayanipun ewed sanget? Sayekti mboten ewed. Dados kanthi proses punika panjenengan badhe dados asammūḍhaḥ. Mboten wonten satunggaling priyantun ingkang saget apus-apus dhateng panjenengan. Nanging menawi panjenengan ngersaaken dipunapusi, mila badhe kathah sanget para priyantun ingkang apus-apus. Dados sampun ndamel masarakat ingkang dumados saking para ingkang apus-apus lan piyambakipun ingkang dipunapusi. Cekap kanthi tumut sistem paramparā kados ingkang dipuntamtoaken ing salebetipun kasusastraan Veda, sami kados dene ingkang sampun dipunprayogekaken dening Kṛṣṇa. Iktiyaraken kangge mangertosi perkawis punika saking sumberipun ingkang wisesa lan iktiyaraken kangge nindakaken punika ing salebetipun gesangipun panjenengan.

Lajeng : asammūḍhaḥ sa martyeṣu. Martyeṣu suraosipun ... Martya suraosipun piyambakipun sedaya ingkang nyekapi saratipun seda. Sinten kemawon sedayanipun? Para atma ingkang kasindhet, dipunwiwiti saking dewa Brahmā mangandhap dugi dhateng semut ingkang prasaja, sedayanipun martya. Martya suraosipun wonten wekdal nalikanipun piyambakipun sedaya badhe seda. Dados, martyeṣu. Ing antawisipun sagung dumadi ingkang kedah nglampahi seda, piyambakipun ingkang paling lantip. Asammūḍhaḥ sa martyeṣu. Kenging menapa? Sarva-pāpaiḥ pramucyate. Amargi piyambakipun bebas saking maneka werni tumanggapipun kridha duraka.

Ing ngalam donya punika, ing ngalam donya material punika, kajengipun kawula, insap utawi mboten insap, kawula sedaya tansah nindakaken kridha duraka. Dados kawula sedaya kedah medal saking tumanggap punika. Lan kados pundi anggenipun kangge medal saking perkawis punika? Punika ugi dipunsebataken ing salebetipun Bhagavad-gītā. Yajñārthāt karmaṇo 'nyatra loko' yam karma-bandhanaḥ (BG 3.9). Menawi panjenengan tumindak, tindakaken namung kangge Kṛṣṇa ... Yajña suraosipun Viṣṇu utawi Kṛṣṇa. Menawi panjenengan tumindak namung kangge Kṛṣṇa, mila panjenengan dipunbebasaken saking tumanggaping sedayanipun. Śubhāśubha-phalaiḥ. Kawula sedaya nindakaken satunggaling kridha ingkang nguntungaken utawi ingkang mboten nguntungaken. Nanging piyambakipun sedaya ingkang wonten ing salebetipun kainsapan Kṛṣṇa lan tumindak kanthi anggenipun ingkang kados mekaten, mila piyambakipun mboten wonten sesambetanipun kaliyan menapa kemawon ingkang nguntungaken utawi ingkang mboten nguntungaken, amargi piyambakipun sumambung kaliyan ingkang paling nguntungaken, Kṛṣṇa. Dados amargi menika : sarva-pāpaiḥ pramucyate. Piyambakipun dipunbebasaken saking sedaya tumanggapipun kridha duraka.

Punika prosesipun. Lan menawi kawula sedaya nindakaken proses punika, mila pungkasanipun kawula sedaya saget sumambung kaliyan Kṛṣṇa lan gesangipun kawula sedaya dados angsal damel. Proses punika gampil sanget, lan kawula sedaya saget, sedaya priyantun saget nindakaken proses punika. Matur sembah nuwun.