JV/Prabhupada 0007 - Pangupakaran Kṛṣṇa Badhe Rawuh



Lecture on SB 1.5.22 -- Vrndavana, August 3, 1974

Brahmānanda : Brāhmaṇa sanes dipuntujoaken kangge nindakaken pedamelan menapa kemawon.

Prabhupāda : Mboten. Senaos dene piyambakipun badhe seda amargi keluwen, piyambakipun mboten badhe nindakaken pedamelan menapa kemawon Punika brāhmaṇa. Kṣatriya inggih mekaten, lan kados dene ugi vaiśya Nanging śūdra ingkang mboten kados mekaten. Satunggaling vaiśya badhe nindakaken kridha-kridha karya. Piyambakipun badhe nindakaken kridha-kridha karya. Wonten satunggaling carita ingkang saget dipundadosaken tuladha. Satunggaling priyantun ingkang asmanipun Pak Nandi, rumiyinipun, rumiyinipun sanget ing Calcutta, piyambakipun tindak dhateng para mitranipun lan ngendikan bilih,

"Menawi panjenengan saget maringaken sekedhik bandha pawitan, kawula saget ngawiti kridha-kridha karya."

Mila para mitranipun ngendikan, "Menapa panjenengan menika satunggaling vaiśya? Menapa panjenengan menika satunggaling saudagar?

"Inggih."

"Oh, lajeng panjenengan nyuwun arta saking kawula? Arta wonten ing margi, panjenengan saget ngangsalaken arta ing mrika."

Lajeng piyambakipun ngendikan, "Kawula mboten saget manggihaken arta ing margi."

"Menapa? Panjenengan mboten saget manggihaken arta? Lajeng menapa punika?"

"Punika, punka tikus ingkang sampun pejah."

"Mila, punika inkang dados bandha pawitan panjenengan."

Dados, mangga dipunpirsani!

Dados, wekdal punika saweg kedadosan pageblug ing Calcutta, pageblug penyakit ingkang saweg nyebar. Lan wonten pariwara saking pangreh kutha bilih saben tikus pejah ingkang dipunbeta dhateng kantor pangreh kutha, mila priyantun ingkang mbeta punika badhe dipunbayar sakathahipun kalih anna. Dados, piyambakipun mendhet tikus pejah punika lan mbeta dhateng kantor pangreh kutha. Lan piyambakipun dipunbayar sakathahipun kalih anna. Lajeng piyambakipun tumbas wohipun jambe ingkang sampun bosok ngginaaken arta kalih anna gadhahipun, lajeng piyambakipun ngimbah sarta lajeng nyade wohipun kanthi pangaos sekawan utawa gangsal anna. Mila kanthi anggenipun ingkang kados mekaten, kanthi makaping-kaping, priyantun punika lajeng dados artawan. Salah satunggaling anggotanipun kulawargi piyambakipun sedaya minangka sedherek sapaguron kawula sedaya. Kulawargi Nandi. Kulawargi Nandi punika dumugi wekdal sapunika nggadhahi sekawanatus dumugi gangsalatus anggota kulawarginipun ingkang kedah dipunparingi dhaharan saben dintenipun. Sayekti satunggaling kulawargi ningrat ingkang ageng. Lan wonten pranatanipun kulawargi piyambakipun sedaya bilih sasampunipun satunggaling putera utawi puteri dipunlairaken, mila arta sakathahipun gangsalewu rupee kedah dipuninggahaken ing salebetipun bank, lan ing wekdal pawiwahanipun, arta gangsalewu rupee sarta anakanipun pareng dipunpendhet dening piyambakipun. Menawi mboten mekaten, mila mboten wonten bandha pawitan ingkang dados dipunparingaken dhateng piyambakipun. Lan saben priyantun ingkang wonten ing salebetipun kulawargi punika, piyambakipun ngangsalaken dhaharan sarta panggenan. Kados mekaten ghadahanipun ... Nanging sumber kawitanipun, kajengipun kawula, ingkang ngendegi kulawargi punika, Pak Nandi, piyambakipun ngawiti karyanipun lumantar tikus ingkang sampun pejah.

Punika kasunyatan ingkang sayektosipun, kasunyatan ingkang sayektosipun, menawi satunggaling priyantun sayekti ngersaaken badhe nglampahi gesang kanthi mandiri. Ing Calcutta, kawula nate mirsani, bilih malah ugi golongan vaiśya ingkang mlarat, ing wekdal enjing piyambakipun sedaya badhe mendhet ḍāl, satunggal karung ḍāl, lan lajeng tindak saking lawang dhateng lawang. Ḍāl punika dipunbetahaken wonten pundi-pundi. Dados ing wekdal enjing piyambakipun nindakaken karya ḍāl, lan ing wekdal dalu piyambakipun mendhet setunggal bleg lisah gas. Ing wekdal dalu, saben priyantun badhe mbetahaken punika. Mila kados dene badhe panjenengan panggihaken ing India, bilih piyambakipun sedaya ... Mboten wonten satunggaling priyantunpun ingkang madosi pedamelan. Pinten-pinten priyantun, menapa kemawon ingkang dipungadhahi, piyambakipun nyade kacang. Tansah wonten menapa kemawon ingkang saweg dipuntindakaken dening piyambakipun. Senaos kados pundi ugi, Kṛṣṇa saweg maringaken pangupakaran dhateng sedayanipun. Minangka setunggal kalepatan kangge menggalih bilih, "Priyantun punika saweg maringaken pangupakaran dhateng kawula." Mboten. Śāstra dhawuh, eko yo bahūnāṁ vidadhāti kāmān. Minangka kayakinan dhateng Kṛṣṇa bilih, "Kṛṣṇa sampun maringaken gesang dhateng kawula, Kṛṣṇa sampun ngintun kawula dhateng mriki. Dados Panjenenganipun badhe maringaken pangupakaran dhateng kawula. Dados miturut kawisesanipun kawula, mila kersanipun kawula nindakaken satunggaling karya, lan lumantar sumber punika, pangupakaranipun Kṛṣṇa badhe rawuh."