JV/Prabhupada 0017 - Energi Rohani Lan Energi Material



Lecture on Sri Isopanisad, Mantra 1 -- Los Angeles, May 2, 1970

Dados wonten kalih energi ingkang saweg makarya ing salebetipun ngalam donya material punika : energi rohani lan energi material. Ingkang dipunkersaaken kaliyan energi material inggih menika wolung rupi unsur material punika. Bhūmir āpo 'nalo vāyuḥ: (BG 7.4), siti, toya, geni, bayu, antariksa, manah, kalantipan kaliyan ahamkara. Sedayanipun asipat material. Lan sami kados dene, langkung alus, langkung alus, langkung alus, langkung alus sarta langkung kasar, langkung kasar, langkung kasar. Kados dene toya langkung alus saking siti, lan geni langkung alus saking toya, lajeng bayu langkung alus saking geni lajeng antarksa, utawi ether, langkung alus saking bayu. Sami ugi kados dene, kalantipan langkung alus saking ether, utawi manah langkung alus saking bayu. Sang manah ...Panjenengan mangertosi, kawula sampun makaping-kaping maringaken tuladha : menggah ing banteripun panggalih utawi manah. Panjenengan saget nglampahi ewonan mil ing wekdal setunggal detik kemawon. Dados tansaya alus satunggaling unsur punika, mila tansaya kiyat ugi unsur punika.

Dados sami kados dene, pungkasanipun, nalikanipun panjenengan sampun dumugi dhateng bageyan rohani punika ingkang langkung alus, ingkang saking piyambakipun sedayanipun dipunpancaraken, oh, mila punika minangka satunggaling energi ingkang kiyat sanget. Punika energi rohani. Punika ingkang dipunparingaken ing salebetipun Bhagavad-gītā. Menapa energi rohani punika? Energi rohani inggih menika sagung dumadi punika. Apareyam itas tu viddhi me prakṛtiṁ parā (BG 7.5). Kṛṣṇa dhawuh, "Iki energi material. Ngluwihi energi iki ana energi sing liyane, yaiku energi material." Apareyam. Aparā suraosipun langkung ngandhap. Apareyam. "Kabeh unsur material sing wis dijelasake mau, kabeh iku minangka energi sing luwih asor. Lan ngluwihi energi kuwi ana energi sing luwih dhuwur, Arjuna." Menapa menika? Jīva-bhūta mahā-bāho : "Para dumadi iki." Piyambakipun sedaya ugi minangka energi. Kawula sedaya, sagung dumadi, kawula sedaya ugi minangka energi, nanging energi ingkang langkung nginggil. Menapa ingkang dipunkersaaken kaliyan langkung nginggil punika? Amargi yayedaṁ dhāryate jagat (BG 7.5). Energi ingkang langkung nginggil punika ngendhalekaken energi ingkang langkung ngandhap. Materi mboten nggadhahi kakiyatan. Montor miber ingkang ageng, ingkang dipunpiranteni kaliyan mesin modheren ingkang dipundamel saking bahan-bahan material, saweg miber ing antariksa. Nanging kejawi tanpa wontenipun energi rohani, inggih menika sang pilot, mila sedayanipun mboten wonten ginanipun. Mboten wonten ginanipun. Sadangunipun ewonan warsa montor jet punika badhe wonten ing bandara, lan montor miber punika mboten badhe miber kejawi menawi bageyan alit ingkang minangka energi rohani, sang pilot punika, rawuh lajeng ndumuk montor miber punika.

Dados, menapa ewetipun kangge mangertosi Gusti Pangeran? Perkawis punika minangka perkawis ingkang kawistara sanget, bilih menawi mesin ingkang ageng punika ... Wonten kathah sanget mesin-mesin ingkang ageng sanget, nanging sedayanipun mboten saget ebah tanpa wontenipun dumukanipun energi rohani, saking satunggaling jalmi utawi satunggaling dumadi. Kados pundi panjenengan saget nginten bilih sedayanipun energi material punika saweg makarya piyambak utawi tanpa wontenipun satunggaling pangendhalen? Kados pundi panjenengan saget ndumugekaken alesan-alesanipun kanthi cara ingkang kados mekaten? Punika mestail. Amargi menika golongan jalmi ingkang kirang lantip, piyambakipun sedaya mboten saget mangertosi kados pundi energi material punika saweg dipunkendhalekaken dening Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa.