JV/Prabhupada 0030 - Kṛṣṇa Namung Saweg Ngrahapi



Sri Isopanisad, Mantra 2-4 -- Los Angeles, May 6, 1970

"Senaos dene tansah wonten ing salebetipun panggenanipun, Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa langkung enggal sanget tinimbang panggalih lan saget ngawonaken para atlet mlajeng ingkang sanesipun. Para dewa ingkang kiyatpun mboten saget nyelaki Panjenenganipun. Senaos dene wonten ing setunggal panggenan, Panjenenganipun kagungan kendhali dhateng piyambakipun sedaya ingkang nyamektaaken hawa, jawah. Panjenenganipun nglangkungi sedayanipun menggah ing kapinunjulan." Perkawis punika ugi dipunandharaken ing salebetipun Brahma-saṁhitā : goloka eva nivasaty akhilātma-bhūtaḥ (Bs. 5.37). Kṛṣṇa, senaos dene Panjenenganipun tansah wonten ing Goloka Vṛndāvana, nanging Panjenenganipun mboten kedah nindakaken satunggalpun kridha menapa kemawon. Panjenenganipun namung saweg ngrahapi sesrawungan kaliyan para mitranipun, para gopī lan para lare angon lembu, sang ibunipun sarta sang ramanipun. Bebas sakbebas-bebasipun.

Lan piyambakipun sedaya ingkang minangka para mitranipun, sedayanipun malah tebih sanget langkung bebas malih. Amargi nalikanipun para mitra punika saweg wonten ing salebetipun bebaya, Kṛṣṇa tansah badhe dados kuwatos ing salebetipun kados pundi anggenipun ngawilujengaken sedayanipun, nanging para mitra punika, sedayanipun mboten nggadhahi raos kuwatos amargi, "Oh, wonten Kṛṣṇa." Mangga dipunpirsani. (Gumuyu sekedhik). Para mitra punika, sedayanipun mboten nggadhahi kakuwatosan. Sedayanipun menika saweg kapuntindakaken, panjenengan badhe maos menggah ing perkawis punika ing salebetipun pustaka Kṛṣṇa - wonten kathah sanget bebaya. Para lare kakung, sarengan kaliyan Kṛṣṇa, biyasanipun piyambakipun sedaya saben dinten tindak sarengan kaliyan para gudhel sarta para lembunipun lan saklajengipun sedayanipun ameng-ameng ing salebetipun wana ing sisihipun bengawan Yamunā, lan Kaṁsa badhe ngintunaken para asura kangge ngleburaken piyambakipun sedaya. Dados panjenengan sampun mirsani, lan panjenengan ugi sampun badhe ningali gambar-gambar. Dados piyambakipun sedaya badhe ngrahapi namung amargi piyambakipun sedaya ngraos pitados sanget. Punika gesang rohani. Avaśya rakṣibe kṛṣṇa viśvāsa pālana. Kapitadosan ingkang kiyat punika bilih, "Ing salebetipun saben kawontenan ingkang mbebayani, Kṛṣṇa badhe ngawilujengaken kawula," punika pasrah dhiri.

Wonten enem urut-urutanipun pasrah dhiri. Perkawis ingkang kaping sepindhah inggih menika bilih kawula sedaya kedah nampi menapa kemawon ingkang nguntungaken kangge paladosan bhakti, lan kawula sedaya badhe nampik menapa kemawon ingkang mboten nguntungaken kangge paladosan bhakti. Saklajengipun inggih menika kangge nepangaken dhirinipun panjenengan dhateng para mitranipun Gusti Pangeran. Sami kados dene Kṛṣṇa ingkang kagungan sakmekaten kathahipun mitra, mila panjenengan ugi saged ... Punika sayekti, tamtu kemawon ... Mboten namung sakderma umuk-umukan kemawon. Nalikanipun panjenengan sampun dados langkung majeng, mila panjenengan badhe mangertosi menapa sesambetan antawis panjenengan kaliyan Kṛṣṇa. Lan lajeng menawi panjenengan nepangaken dhiri panjenengan ing salebetipun sesrawungan punika, mila urutan saklajengipun inggih menika kapitadosan bilih, "Kṛṣṇa badhe maringaken kawula pangayoman." Sayektosipun, Panjenenganipun saweg maringaken pangayoman kangge sedaya priyantun. Punika minangka satunggaling kasunyatan. Nanging ing salebetipun pangaribawanipun māyā, mila kawula sedaya menggalih bilih kawula sedaya saweg ngayomi dhiri kawula sedaya piyambak, kawula sedaya saweg maringaken dhaharan dhateng dhiri kawula sedaya piyambak. Sanes. Punika sanes kasunyatanipun.