JV/Prabhupada 0032 - Menapa Kemawon Ingkang Kedah Kawula Ngendikakaken, Kawula Sampun Ngendikakaken Perkawis-perkawis Punika Ing Salebetipun Pustaka-pustaka Kawula



Arrival Speech -- May 17, 1977, Vrndavana

Prabhupāda : Kawula mboten saged ngendikan. Kawula ngraos lesu sanget. Kedahipun kawula tindak dhateng panggenan-panggenan sanesipun kados dhateng program wonten ing Chandigarh, nanging kawula mboten ndadosaken program punika amargi kawontenan kasarasanipun kawula ingkang mangandhap sanget. Dados kawula langkung remen rawuh dhateng Vṛndāvana. Menawi sampun wekdalipun pejah, mila kersanipun perkawis punika kapuntindakaken wonten mriki.

Dados mboten wonten perkawis-perkawis enggal ingkang betah dipunrembag. Menapa kemawon ingkang kedah kula ngendikakaken, kawula sampun ngendikakaken perkawis-perkawis punika ing salebetipun pustaka-pustaka kawula. Sapunika panjenengan iktiyaraken kange mangertosi perkawis punika lan nglajengaken budidaya panjenengan. Menapa kawula wonten utawi mboten wonten, punika mboten dados perkawis. Amargi Kṛṣṇa gesang kanthi langgeng, mila sami kados dene, sagung dumadi ugi gesang kanthi langgeng.

Nanging, kīrtir yasya sa jīvati, "Satunggaling priyantun ingkang sampun nindakaken paladosan dhateng Gusti Pangeran gesang sadangunipun." Dados panjenengan sampun dipunwucal kangge ngladosi Kṛṣṇa, lan sarengan kaliyan Kṛṣṇa kawula sedaya badhe gesang kanthi langgeng. Gesangipun kawula sedaya menika langgeng. Na hanyate hanyamāne śarīre (BG 2.20). Kecalan sauntawis dhateng salira punika, menika sanes satunggaling masalah. Salira dipuntujoaken kangge dados ical. Tathā dehāntara-prāptiḥ (BG 2.13). Dados mangga gesang kanthi langgeng lumantar ngladosi Kṛṣṇa. Matur sembah nuwun sanget.

Panyembah : Jaya!