JV/Prabhupada 0036 - Angkahipun Gesang Kawula Sedaya



Lecture on BG 2.1-11 -- Johannesburg, October 17, 1975

Dados nalikanipun kawula sedaya dados dipunewedaken dening perkawis-perkawis material punika, menapa ingkang kedah dipuntindakaken - dipuntindakaken menapa mboten dipuntindakaken, punika kupiya-kupiyanipun - mila wonten ing wekdal punika kawula sedaya kedah nyelaki satunggaling guru. Pitedahipun wonten ing mriki, kawula sedaya saget mirsani pitedahipun. Pṛcchāmi tvāṁ dharma-sammūḍha-cetāḥ. Nalikanipun kawula sedaya saweg dipunewedaken, nalikanipun kawula sedaya mboten saged nepangi menapa kemawon ingkang soleh lan menapa kemawon ingkang mboten soleh, lan mboten migunaaken kalenggahan kawula sedaya kanthi leres. Mila punika inggih menika : kārpaṇya-doṣopahata-svabhāvaḥ (BG 2.7). Punika wekdalipun wonten pundi dipunbetahaken wontenipun guru. Punika pitedah saking Veda. Tad-vijñānārthaṁ sa gurum evābhigacchet śrotriyaṁ brahma-niṣṭham (MU 1.2.12). Punika minangka satunggaling kuwajiban. Punika ingkang dipunwastani minangka kasusilan, bilih kawula sedaya saweg ngajengi sakmekaten kathahipun perkawisipun gesang. Punika limrah sanget. Ing salebetipun donya material punika, malah donya material punika piyambak ingkang sakleresipun minangka perkawisipun gesang. Padaṁ padaṁ yad vipadām (SB 10.14.58). Donya material punika suraosipun bilih wonten ing saben lampah wonten bebaya. Punika donya material.

Dados amargi menika kawula sedaya kedahipun ngangsalaken tuntunan saking setunggal priyantun ingkang mumpuni, saking guru, saking guru karohanen menggah ing kados pundi anggenipun ngangsalaken kamajengan, amargi punika ... Punika badhe dipunandharaken saklajengipun, bilih angkahing gesangipun kawula sedaya, samboten-mbotenipun wonten ing gesang ing salebetipun salira jalmi punika, ing salebetipun kasusilan Arya, angkahing gesang inggih menika kangge mangertosi kalenggahan dhasar kawula sedaya, "Sinten kawula menika. Sinten kawula menika." Menawi kawula sedaya mboten mangertosi, "Sinten kawula menika," mila kawula nanging nggadhahi drajat ingkang sami kaliyan para kucing lan segawon. Para kucing lan segawon, piyambakipun sedaya mboten mangertosi perkawis punika. Piyambakipun sedaya mastani bilih dhiri sedayanipun inggih menika salira punika. Punika ugi badhe dipunandharaken. Dados ing salebetipun kawontenan ingkang kados mekaten, nalikanipun kawula sedaya dipunewedaken ... Sakleresipun kawula sedaya saweg dipunewedaken saben wekdalipun. Amargi menika satunggaling priyantun kedahipun betah sanget kangge nyelaki satunggaling guru ingkang leres.

Sapunika Arjuna saweg nyelaki Kṛṣṇa, guru ingkang paling sae. Guru kanthi kualitas ingkang paling sae. Guru suraosipun Gusti Pangeran Ingkang Utami. Panjenenanipun minangka guru kangge saben priyantun, parama-guru. Dados saben priyantun ingkang dados walinipun Kṛṣṇa, mila piyambakipun ugi minangka guru. Punika badhe dipunandharaken ing salebetipun Parwa Kaping Sekawan. Evaṁ paramparā-prāptam imaṁ rājarṣayo viduḥ (BG 4.2). Dados Kṛṣṇa saweg maringaken tuladha, dhateng pundi kawula sedaya kedah maringaken pasrah dhiri kawula sedaya sarta nampi guru. Punika Kṛṣṇa. Dados panjenengan kedah nampi Kṛṣṇa utawi walinipun minangka guru. Lan saklajengipun perkawisipun panjenengan badhe dipuntuntasaken. Menawi mboten, mila punika mestail, amargi guru saged dhawuh menapa ingkang sae lan menapa ingkang awon kangge panjenengan. Panjenenganipun dhawuh : yac chreyaḥ syān niścitaṁ brūhi tat (BG 2.7). Niścitam. Menawi panjenengan ngersakaken wejangan, pitedah, niścitam, tanpa wontenipun karinga-ringan, tanpa wontenipun angen-angen, tanpa wontenipun kalepatan, tanpa wontenipun dhustha, mila punika dipunwastani minangka niścitam. Punika saget panjenengan angsalaken saking Kṛṣṇa utawi walinipun. Panjenengan mboten saged ngangsalaken pawartos ingkang leres saking priyantun ingkang mboten sampurna utawi saking satunggaling tukang tipu. Punika sanes pitedah ingkang leres.

Sapunika perkawis ingkang kados mekaten sampun dados satunggaling coraking gesang, saben priyantun saweg dados guru lan piyambakipun maringaken gagasanipun piyambak, "Kawula menggalih," "Miturut gagasanipun kawula." Nanging punika sanes guru. Guru suraosipun bilih piyambakipun kedah maringaken bukti-bukti saking śāstra. Yaḥ śāstra-vidhim utsṛjya vartate kāma-kārataḥ : (BG 16.23). "Sinten kemawon ingkang mboten maringaken bukti-bukti, kaluhuran, saking śāstra, mila "na siddhiṁ sa avāpnoti," piyambakipun mboten badhe angsal damel kangge sadangunipun, "na sukham," piyambakipun ugi mboten badhe ngangsalaken karaharjan ing salebetipun donya material punika, "na parāṁ gatim," menapa malih ngangsalaken indhak-indhakan ing salebetipun gesang saklajengipun." Punika pitedah-pitedahipun.