JV/Prabhupada 0040 - Punika Sang Priangga Ingkang Utami



Lecture on BG 16.8 -- Tokyo, January 28, 1975

Wonten mayuta-yuta lam miliaran dumadi, lan ing salebetipun saben kalbunipun, Gusti Pangeran saweg pinarak wonten mrika. Sarvasya cāhaṁ hṛdi sanniviṣṭo mattaḥ smṛtir jñānam apohanaṁ ca (BG 15.15). Panjenenganipun saweg ngupakara kanthi anggenipun ingkang kados mekaten. Dados menawi kawula sedaya menggalih bilih Panjenenganipun minangka satunggaling priyantun ingkang mangandhalekaken kados kawula sedaya, mila punika minangka satunggaling pambudi ingkang klentu. Panjenenganipun minangka satunggaling pangendhali. satunggaling pangendhali, nanging kanthi seserepan ingkang tanpa wates sarta pitulungan ingkang tanpa wates, lan kanthi daya kawisesan ingkang tanpa wates, kados mekaten pangupakaranipun.

Para priyantun impersonalis, piyambakipun sedaya mboten saged menggalih menggah ing wontenipun satunggaling priangga ingkang nggadhahi kakiyatan ingkang sakmekaten tanpa watesipun kados mekaten. Amargi menika piyambakipun sedaya dados impersonalis. Piyambakipun sedaya mboten saged menggalih menggah ing perkawis punika. Para impersonalis punika, piyambakipun sedaya mboten saget ngangen-angen ... Piyambakipun sedaya namung ngangen-angen, "Menawi satunggaling priyantun minangka satunggaling priangga, mila piyambakipun tamtu kemawon priangga ingkang kados dhiri kawula. Kawula mboten saged nindakaken perkawis punika, amargi menika piyambakipun tamtu mboten saged ugi nindakaken perkawis punika." Amargi menika piyambakipun sedaya dipunwastani ugi minangka mūḍha. Avajānanti māṁ mūḍhāḥ (BG 9.11). Piyambakipun sedaya mbandhingaken Kṛṣṇa kaliyan dhirinipun piyambak. Amargi piyambakipun minangka satunggaling priangga, mila sami kados dene Kṛṣṇa tamtu minangka satunggaling priangga. Piyambakipun mboten mangertosi perkawis punika.

Veda ngandharaken bilih, "Senaos dene Panjenenganipun minangka satunggaling priangga, nanging Panjenenganipun ngupakara sedaya para priangga ingkang sanesipun ingkang kathahipun tanpa wilangan." Punika ingkang mboten dipunmangertosi dening piyambakipun sedaya. Eko yo bahūnāṁ vidadhāti kāmān. Bilih priangga ingkang namung setunggal punika, Panjenenganipun saweg ngupakara mayuta-yuta lan miliaran para priangga ingkang sanesipun. Saben priyantun, kawula sedaya piyambak-piyambak minangka satunggaling priangga. Kawula minangka satunggaling priangga. Panjenengan minangka satunggaling priangga. Satunggaling semut minangka satunggaling priangga. Satunggaling kucing minangka satunggaling priangga. Satunggaling segawon minangka satunggaling priangga lan satunggaling kutu-kutu walang ataga ugi minangka satunggaling priangga. Tetuwuhan ugi minangka para priangga. Sedayanipun minangka para priangga. Sedayanipun minangka para priangga. Nanging wonten satunggaling priangga ingkang sanes. Punika Gusti Pangeran, Kṛṣṇa. Priangga ingkang sanes punika saweg ngupakara samukawis priangga ingkang sanesipun ingkang mayuta-yuta lan miliaran kathahipun. Punika minangka pitedahipun Veda ... Eko yo bahūnāṁ vidadhāti kāmān, nityo nityānāṁ cetanaś cetanānām (Kaṭha Upaniṣad 2.2.13). Punika andharanipun.

Dados Kṛṣṇa ugi dhawuh ing salebetipun Bhagavad-gītā, ahaṁ sarvasya prabhavo mattaḥ sarvaṁ pravartate iti matvā bhajante māṁ... (BG 10.8). Amargi menika satunggaling panyembah, nalikanipun piyambakipun mangertosi kanthi kawistara bilih, "Punika Kaprianggan Ingkang Utami, inkang minangka sang pengageng, ingkang minangka sang pangendhali lan ingkang minangka sang pangupakara saking sedayanipun," mila saklajengipun piyambakipun pasrah dhiri dhateng Panjenenganipun sarta dados panyembahipun.