JV/Prabhupada 0050 - Piyambakipun Sedaya Mboten Mangertosi Menapa Gesang Saklajengipun Punika



Lecture on BG 16.5 -- Calcutta, February 23, 1972

Ngalam, kanthi dhawuhipun Kṛṣṇa, maringaken kalodhangan dhateng kawula sedaya, maringaken kalodhangan dhateng kawula sedaya kangge medal saking jiretanipun kalairan lan pejah, janma-mṛtyu-jarā-vyādhi duḥkha-doṣānudarśanam (BG 13.9). Satunggaling priyantun kedahipun dados lantip kangge mangertosi pakewed menggah ing kasekawan perkawis ingkang miyos saking gesang, janma-mṛtyu-jarā-vyādhi. Punika sedayanipun sistem Veda - kados pundi anggenipun kangge medal saking sedaya cengkereman punika. Nanging kawula sedaya dipunparingi kalodhangan kanthi, "Tindakaken puniki, tindakaken punika, tindakaken punika." inggih menika kanthi nindakaken gesang ingkang tumata, saengga wonten ing pungkasanipun kawula sedaya saged medal saking mrika.

Amargi menika Bhagavān dhawuh, daivī sampad vimokṣāya (BG 16.5). Menawi panjenengan ngrembakakaken daivī sampat, sipat-sipat ingkang kados mekaten, ingkang dipunandharaken kados saklajengipun - ahiṁsā, sattva-saṁśuddhiḥ, ahiṁsā lan taksih wonten kathah perkawis ingkang sanesipun - mila saklajengipun panjenengan badhe dados medal, vimokṣāya. Ketiwasan, kasusilan modern, piyambakipun sedaya mboten mangertosi menapa menika vimokṣāya. Piyambakipun sedaya sayekti tunanetra. Piyambakipun sedaya mboten mangertosi bilih wonten satunggaling kalenggahan ingkang dipunwastani minangka vimokṣāya. Piyambakipun sedaya mboten mangertosi perkawis punika. Piyambakipun sedaya mboten mangertosi menapa gesang ingkang saklajengipun punika. Mboten wonten sistem pangajaran kangge perkawis punika. Kawula sampun nglanglang bawana. Mboten wonten setunggalpun bebadan ingkang dipuntujoaken kangge peparing pangajaran menggah ing pindhahipun sang atma, kados pundi satunggaling priyantun saged ngangsalaken gesang ingkang langkung sae. Piyambakipun mboten mitadosi perkawis punika. Piyambakipun mboten nggadhahi seserepan. Perkawis punika minangka āsurī sampat. Lan punika badhe dipunandharaken wonten ing mriki, pravṛttiṁ ca nivṛttiṁ ca janā na vidur āsurāḥ. Pravṛttim. Pravṛttim suraosipun daya kakiyatan ingkang nengsemaken utawi ingkang nyindhet. Wonten ing werni kridha menapa kawula sedaya kedahipun kapunsindhet, lan dhateng werni kridha menapa kawula sedaya kedahipun uwal, punika ingkang mboten dipunmangertosi dening piyambakipun sedaya, para asura. Pravṛttiṁ ca nivṛttiṁ ca.

pravṛttiṁ ca nivṛttiṁ ca
janā na vidur āsuraḥ
na śaucaṁ nāpi cācāro
na satyaṁ teṣu vidyate
(BG 16.7)

Punika para asura. Piyambakipun sedaya mboten mangertos kados pundi lan dhateng pundi kedahipun gesangipun dipunajengaken. Punika dipunwastani minangka pravṛtti. Lan gesang kados menapa ingkang kedahipun dipunuwalaken dening piyambakipun sedaya, dipundhegaken, punika dipunwastani minangka nivṛtti. Pravṛttis tu jīvātmana. Punika minangka salah setunggalipun malih. Bhunam. Nivṛttis tu mahāphalām. Sedaya śāstra, sedaya pitedahipun Veda dipuntujoaken dhateng pravṛtti-nirvṛtti. Piyambakipun sedaya saweg sinau kanthi sekhedik mbaka sekhedik. Sami kados dene, loke vyavāyāmiṣa-madya-sevā nityā sujantoḥ. Satunggaling dumadi nggadhahi pepinginan ingkang limrah dhateng vyavāya, dhateng kridha seks, lajeng dhateng madya sevāḥ, ndem-ndeman, ugi dhateng āmiṣa sevāḥ, dhahar ulam daging. Wonten satunggaling naluri utawi surungan kalbu ingkang limrah. Nanging para asura, piyambakipun mboten mbudidaya kangge ngendhegaken perkawis punika. Piyambakipun sedaya malah ngersakaken kangge mindhakaken perkawis punika. Punika gesangipun asura. Kawula nggadhahi satunggaling lelara. Menawi kawula ngersakaken kangge ngwarasaken lelara punika, mila dokter maringaken dhateng kawula resep kanthi ngendikan bilih, "Panjenengan mboten pareng dhahar meniki utawi menika." Sami kados dene satunggaling pasien diabetes. Piyambakipun dipunpenging, "Sampun dhahar gendis, sampun dhahar glepung." Nivṛtti.

Sami kados dene, śāstra maringaken pitedah dhateng kawula sedaya bilih panjenengan kedahipun nampi perkawis-perkawis puniki lan kedahipun mboten nampi perkawis-perkawis punika, śāstra. Sami kados dene wonten ing salebeting masarakatipun kawula sedaya, kawula sedaya sampun mendhet nivṛtti sarta pravṛtti ingkang paling wigatos. Pravṛtti .....Kawula ngengken para sisya kawula bilih, "Mboten wonten gesang seks ingkang dipunlarang, mboten wonten dhahar ulam daging utawi āmiṣa-sevā." Āmiṣa-sevā nityā sujantoḥ. Wonten ing mriki śāstra dhawuh bilih menawi panjenengan saged ngendhegaken, nivṛttis tu mahāphalām, mila gesangipun panjenengan dados angsal damel. Nanging kawula dhereng samekta. Menawi panjenengan dhereng samekta kangge nampi pravṛtti lan kangge mboten nampi nivṛtti, mila satunggaling priyantun punika kedah mangertosi bilih piyambakipun minangka satunggaling asura. Kṛṣṇa dhawuh wonten ing mriki, pravṛttiṁ ca nivṛttiṁ ca janā na vidur āsurāḥ (BG 16.7). Piyambakipun sedaya mboten saged nindakaken perkawis punika ... "Oh, menapa sakleresipun punika?" Piyambakipun sedaya ngendikan malih bilih para swamī ingkang kasuwurpun badhe ngendikan, "Oh, menapa ingkang klentu kanthi perkawis punika? Pajenengan pareng dhahar menapa kemawon. Mboten dados penggalih. Panjenengan pareng nindakaken menapa kemawon. Namung paringaken dhateng kawula upahipun lan kawula badhe maringaken dhateng panjenengan mantra-mantra ingkang mligi." Lan perkawis-perkawis ingkang kados mekaten saweg kapuntindakaken.