JV/Prabhupada 0056 - Wonten Kalihwelas Pihak Ingkang Nggadhahi Kawenangan Sami Kados Dene Dipunsebataken Ing Salebetipun Śāstra



Lecture on SB 7.6.1 -- Madras, January 2, 1976

Prabhupāda :

śrī-prahrāda uvāca
kaumāra ācaret prājño
dharmān bhāgavatān iha
durlabhaṁ mānuṣaṁ janma
tad apy adhruvam arthadam
(SB 7.6.1)

Punika Prahlāda Mahārāja. Piyambakipun minangka salah satunggal saking antawis para pihak ingkang nggadhahi kawenangan dhateng kainsapan Kṛṣṇa. Wonten kalihwelas pihak ingkang nggadhahi kawenangan sami kados dene dipunsebataken ing salebetipun śāstra,

svayambhūr nāradaḥ śambhuḥ
kumāraḥ kapilo manuḥ
prahlādo janako bhīṣmo
balir vaiyāsakir vayam
(SB 6.3.20)

Punika minangka pratelanipun Yamarāja menggah ing para pihak ingkang nggadhahi kawenangan dhateng dharma. Dharma suraosipun minangka bhāgavata-dharma. Kawula ngraos bilih kawula sampun ngandharaken perkawis punika kala wingenanipun, dharma suraosipun minangka bhāgavata. Dharmaṁ tu sākṣād bhagavat-praṇītaṁ (SB 6.3.19). Sami kados dene Hakim Pangageng Pangadilan ingkang maringaken aji dhateng hukum, mila hukum mboten saged dipundamel dening limrahipun jalmi utawi para saudagar lintunipun, mboten. Hukum namung saged dipundamel dening nagara, dening pangreh. Mboten wonten setunggal priyantunpun ingkang saged ndamel hukum. Mboten badhe saged ... Menawi wonten ing salebetipun pangadilan, satunggaling priyantun nyuwun, "Ingkang minulya, kawula nggadhahi hukumipun piyambak," mila Hakim mboten badhe nampi. Dados sami kados dene, panjenengan mboten saged ndamel dharma. Senaos dene panjenengan punika minangka satunggaling priyantun agung ... Malah ugi Hakim Pangageng Pangadilan, piyambakipun mboten saged ndamel hukum. Hukum namung dipunparingaken dening nagara. Sami kados dene, dharma suraosipun bhāgavata-dharma lan ingkang lintunipun, ingkang namung asmanipun kemawon dharma, sedayanipun sanes dharma. Sedayanipun mboten badhe dipuntampi. Sami persis kados dene, hukum ingkang dipundamel wonten ing ndalemipun panjenengan ugi mboten dipuntampi. Amargi menika, dharmaṁ tu sākṣād bhagavat-praṇītaṁ (SB 6.3.19).

Lan menapa menika bhagavat-praṇītaṁ dharma? Punika dipunpratelaaken ing salebetipun Bhagavad-gītā, kawula sedaya nyumerapi perkawis punika, saben priyantun nyumerapi perkawis punika. Panjenenganipun rawuh, Kṛṣṇa rawuh. Misinipun inggih menika dharma-saṁsthāpanārthāya, kangge ngedhegaken prinsip-prinsip agama, utawi ngedhegaken malih prinsip-prinsip punika. Dharmasya glānir bhavati bhārata. Yadā yadā hi dharmasya glānir bhavati bhārata (BG 4.7). Dados kadang kawis wonten glāni, wonten ingkang mboten jumbuh ing salebetipun kridha nindakaken prinsip-prinsip dharma. Kala menika Kṛṣṇa rawuh. Paritrāṇāya sādhūnāṁ vināśāya ca duṣkṛtām (BG 4.8). Yuge yuge sambhavāmi. Dados dharma punika, Kṛṣṇa sanes rawuh kangge mranata wangsul malih ingkang namung asmanipun dharma-dharma ingkang sampun wonten punika, Hindu dharma, Islam dharma, Kristen dharma, Buddha dharma. Sanes. Miturut Śrīmad-Bhāgavatam dipundhawuhaken bilih, dharmaḥ projjhita-kaitavo (SB 1.1.2). Dharma ingkang namung minangka satunggaling proses dhusta, mila dharma ingkang kados mekaten minangka projjhita. Prakṛṣṭa-rūpeṇa ujjhita, ingkang suraosipun inggih menika bilih perkawis ingkang kados mekaten kedah dipunbucal, kedah dipunsisihaken. Mila dharma ingkang sejati inggih menika bhāgavata-dharma, dharma ingkang leres. Amargi menika Prahlāda Mahārāja ngendika, kaumāra ācaret prājño dharmān bhāgavatān iha (SB 7.6.1). Sejatosipun dharma suraosipun minangka Gusti Pangeran, sesambetan kawula sedaya kaliyan Gusti Pangeran lan dharma suraosipun ugi tumindak kanthi jumbuh kaliyan sesambetan punika saengga kawula sedaya saged nggayuh angkah pamungkasipun gesang. Punika dharma.