JV/Prabhupada 0066 - Kawula Sedaya Kedahipun Mupakat Kaliyan Gegayuhanipun Kṛṣṇa



Lecture on BG 16.4 -- Hawaii, January 30, 1975

Sakmenika punika minangka pilihanipun kawula sedaya, menapa kawula sedaya ngersakaken dados satunggaling penyembah utawi menapa kawula sedaya ngersakaken panggah dados asura. Punika minangka pilihan kawula. Kṛṣṇa dhawuh bilih, "Endhegna kabeh cancanganmu nang kadurjanan lan pasrah dhiri marang Aku." Punika gegayuhanipun Kṛṣṇa. Nanging menawi panjenengan mboten mupakat kaliyan gegayuhanipun Kṛṣṇa, menawi panjenengan ngersakaken ngrahapi gegayuhanipun piyambak, mila Kṛṣṇa ugi remen. Panjenenganipun badhe nyamektakaken sedaya kabetahanipun panjenengan. Nanging punika mboten sae. Kawula sedaya kedahipun mupakat kaliyan gegayuhanipun Kṛṣṇa. Kawula sedaya kedahipun mboten marengaken gegayuhanipun kawula sedaya, gegayuhan duraka kawula sedaya, kangge dados ngrembaka. Punika ingkang dipunwastani minangka tapasya. Kawula sedaya kedahipun ngurbanaken gegayuhanipun kawula sedaya. Punika ingkang dipunwastani minangka pangurbanan. Kawula sedaya kedahipun namung nampi gegayuhanipun Kṛṣṇa. Punika pitedahipun Bhagavad-gītā. Gegayuhanipun Arjuna inggih menika kangge mboten ngadilaga, nanging gegayuhan Kṛṣṇa inggih menika kangge ngadilaga, malah suwalikanipun. Wusananipun Arjuna mupakat kaliyan gegayuhanipun Kṛṣṇa, "Inggih," kariṣye vacanaṁ tava (BG 18.73), "Inggih, kawula badhe tumindak jumbuh kaliyan gegayuhanipun Panjenengan." Punika bhakti.

Punika bentenipun antawis bhakti lan karma. Karma suraosipun nglegani gegayuhanipun kawula piyambak, lan bhakti suraosipun nglegani gegayuhanipun Kṛṣṇa. Punika bentenipun. Sakmenika panjenengan tamtokaken pilihanipun panjenengan, menapa panjenengan badhe ndadosaken gegayuhanipun panjenangan dipunlegani utawi menapa panjenengan ngersakaken ndadosaken gegayuhanipun Kṛṣṇa dipunlegani. Menawi panjenengan namtokaken kangge ndadosaken gegayuhanipun Kṛṣṇa dipunlegani, mila gesangipun panjenengan angsal damel. Punika gesang ingkang adhedhasar kainsapan Kṛṣṇa kawula sedaya. "Kṛṣṇa ngersakaken perkawis punika. Kawula kedah nindakaken perkawis punika. Kawula mboten badhe nindakaken menapapun kangge dhiri kawula piyambak." Punika Vṛndāvana. Sedaya warganipun Vṛndāvana, piyambakipun sedaya mbudidaya kangge nglegani gegayuhanipun Kṛṣṇa. Para lare angon lembu, para pedhet, para lembu, wit-witan, sekar-sekar, toya, para gopī, para warga ingkang langkung sepuh, Ibu Yaśodā, Nanda, sedayanipun ewed ing salebetipun budidaya kangge nglegani gegayuhanipun Kṛṣṇa. Punika Vṛndāvana. Mila panjenengan saged ngewahi donya material punika dados Vṛndāvana anggere panjenengan mupakat kangge nglegani gegayuhanipun Kṛṣṇa. Punika Vṛndāvana. Lan menawi panjenengan ngersakaken nglegani gegayuhanipun panjenengan piyambak, mila perkawis punika asipat material. Punika bentenipun antawis material kaliyan rohani.