JV/Prabhupada 0068 - Sedaya Priyantun Kedah Makarya



Lecture on SB 6.1.45 -- Laguna Beach, July 26, 1975

Nitai : Ing salebetipun gesang punika, saben priyantun kanthi dipunwatesi wonten ing tataran ingkang jumbuh dhateng maneka werni pakaryanipun, menapa pakaryan punika saleh utawi mboten saleh, mila ugi sami kados dene perkawis-perkawis punika badhe dipuntindakaken wonten ing gesang saklajengipun, dening priyantun ingkang sami, dumugi tataran ingkang sami, kanthi werni ingkang sami, lan kridha-kridha ingkang dipunpikantukaken amargi karmanipun ndadosaken piyambakipun kedah ngrahapi utawi nandhang sangsara.

Prabhupāda :

yena yāvān yathādharmo
dharmo veha samīhitaḥ
sa eva tat-phalaṁ bhuṅkte
tathā tāvad amutra vai
(SB 6.1.45)

Dados ing salebetipun sloka ingkang sakdherengipun, kawula sedaya sampun ngrembag, dehavān na hy akarma-kṛt. Saben priyantun ingkang nggadhahi raga material, mila piyambakipun kedah makarya. Saben priyantun kedah makarya. Ing salebetipun raga rohani, panjenengan ugi kedah makarya. Ing salebetipun ngalam donya material, panjenengan ugi kedah makarya. Amargi prinsipipun makarya inggih menika sang atma - atma minangka daya gesang - dados piyambakipun tansah ewed. Raga ingkang gesang suraosipun ing mrika wonten ewah-ewahan. Wonten pakaryan. Piyambakipun mboten saged namung lenggah mendel kemawon. Ing salebetipun Bhagavad-gītā dipunandharaken, "Malah ugi mboten setunggal detikpun satunggaling priyantun saged namung mendel kemawon." Punika tandha-tandhanipun dumadi. Dados pakaryan badhe kapuntindakaken jumbuh kaliyan raga tartamtu. Segawon mlajeng lan jalmi ugi mlajeng. Nanging sang jalmi menggalih bilih piyambakipun langkung tebih nggadhahi kasusilan, amargi piyambakipun mlajeng kanthi ngginakaken mobil. Kekalihipun saweg mlajeng, nanging sang jalmi nggadhahi werni raga tartamtu kanthi menapa piyambakipun saged nyamektakaken satunggaling wahana utawi sepeda, lan piyambakipun saged mlajeng ngginakaken sarana-sarana punika. Piyambakipun menggalih bilih, "Kawula mlajeng kanthi langkung enggal tinimbang sang segawon, amargi menika kawula langkung nginggil kasusilanipun." Punika penggalih ingkang modern. Piyambakipun mboten mangertosi menapa bentenipun antawis mlajeng kanthi enggalipun seket mil per jam utawi gangsal mil per jam utawi gangsalewu mil per jam utawi malah ugi gangsalyuta mil per jam. Angkasa punika mboten wonten watesipun. Sakpinten kemawon enggalipun ingkang panjenengan gayuh, punika taksih panggah mboten nyekapi. Taksih panggah mboten nyekapi.

Dados perkawis ingkang kados mekaten sanes gesang bilih, "Amargi kawula mlajeng kanthi langkung enggal saking sang segawon, mila kawula langkung nginggil kasusilanipun."

panthās tu koṭi-śata-vatsara-sampragamyo
vāyor athāpi manaso muni-puṅgavānāṁ
so 'py asti yat-prapada-sīmny avicintya-tattve
govindam ādi-puruṣaṁ tam ahaṁ bhajāmi
(Bs. 5.34)

Enggalipun kawula sedaya ....... Kangge menapa enggalipun punika? Amargi kawula ngersakaken nggayuhi satunggaling angkah tartamtu, mila punika ingkang minangka enggalipun. Nanging angkah sejatinipun inggih menika Govinda, Viṣṇu. Lan : na te viduḥ svārtha-gatiṁ hi viṣṇu. Piyambakipun sedaya saweg mlajeng kanthi enggalipun ingkang benten-benten, nanging piyambakipun sedaya mboten mangertosi dhateng pundi angkahipun. Salah satunggaling sastrawan ageng wonten ing nagara kawula sedaya, Rabindranath Tagore, piyambakipun nyerat satunggaling seratan - kawula sampun maos seratan punika - nalikanipun piyambakipun wonten ing London. Dados ing nagaranipun panjenengan, nagara-nagara Landa, sedaya mobil lan...., sedayanipun mlajeng kanthi enggal sanget. Mila Rabindranath Tagore, piyambakipun minangka satunggaling sastrawan. Piyambakipun menggalih bilih, "Nagara para priyantun Inggris punika sakmekaten alitipun, lan piyambakipun sedaya saweg mlajeng kanthi enggal sanget saengga piyambakipun sedaya badhe dhawah mlebet dhateng samudera." Piyambakipun ngendikan kados mekaten. Kenging menapa piyambakipun mlajeng kanthi enggal sanget? Dados sami kados dene, kawula sedaya saweg mlajeng kanthi enggal sanget namung kangge nggayuhi naraka. Punika kalenggahanipun kawula sedaya, amargi kawula sedaya mboten mangertosi menapa ingkang dados angkahipun kawula sedaya. Dados kawula mboten mangertosi dhateng pundi angkahipun kawula lan kawula ngiktiyaraken kangge nithi mobilipun kanthi enggal sanget, mila menapa ingkang badhe dados pikantukipun? Pikantukipun inggih menika malapetaka. Amargi menika kawula sedaya kedah mangertosi kenging menapa kawula sedaya mlajeng. Sami kados dene satunggaling bengawan ingkang saweg mindhak toyanipun kanthi ilinipun ingkang santer sanget, nanging angkahipun dhateng samudera. Nalikanipun bengawan punika sampun nggayuh samudera, mila angkahipun dados ical. Sami kados dene, kawula sedaya kedah mangertosi menapa angkahipun kawula sedaya. Angkahipun kawula sedaya inggih menika Viṣṇu, Gusti Pangeran. Kawula sedaya minangka bageyan ingkang mboten saged dipunuwal saking Gusti Pangeran. Kawula sedaya minangka ... Mboten mangertos kados pundi, kawula sedaya sampun dhawah dhateng ngalam donya material punika. Amargi menika angkahipun gesang kawula sedaya inggih menika kangge wangsul malih dhateng ndalemipun, wangsul dhateng Gusti Pangeran. Punika angkahipun kawula sedaya. Mboten wonten angkah ingkang sanesipun malih. Dados pakempalan kainsapan Kṛṣṇa kawula sedaya punika mucalaken bilih, "Sayektosaken angkahipun gesang panjenengan." Lan menapa angkahipun gesang punika? "Wangsul dhateng ndalemipun, wangsul dhateng Gusti Pangeran. Nanging panjenengan malah tindak dhateng mrika, dhateng angkahipun ingkang suwalikanipun, dhateng naraka. Punika sanes angkahipun. Panjenengan kedah tindak dhateng mriki, wangsul dhateng Gusti Pangeran." Punika wucalanipun kawula sedaya.