JV/Prabhupada 0071 - Putera-puterinipun Gusti Pangeran Ingkang Boros Kanthi Sembrono Sanget



Room Conversation With French Commander -- August 3, 1976, New Mayapur (French farm)

Kawula sedaya minangka putera lan puterinipun Gusti Pangeran ingkang boros kanthi sembrana sanget. Kawula minangka putera lan puterinipun Gusti Pangeran, mboten wonten karinga-ringan malih, nanging sakmenika, kawula sedaya punika boros kanthi sembrana sanget. Kawula sedaya malah ugi nyia-nyiakaken gesangipun kawula sedaya ingkang aji sanget, kawula sedaya sayekti sembrana sanget. Dados pakempalan kainsapan Kṛṣṇa punika dipuntujokaken kangge ngendhegaken kasembranan punika lan ndadosaken piyambakipun sedaya mangertosi tanggel jawab, wangsul dhateng ndalemipun, wangsul dhateng Gusti Pangeran. Punika kainsapan Kṛṣṇa. Nanging para priyantun sampun dados sakmekaten sembrananipun, saengga nalikanipun panjenengan ngendikan satunggaling perkawis menggah ing Gusti Pangeran, mila saknalikanipun ugi piyambakipun sedaya gumujeng, "Oh, Gusti Pangeran punika umuk-umukan menapa?" Punika kasembranan ingkang paling mboten limrah. India satuhu sanget wonten ing perkawis menggah ing Gusti Pangeran. Dumugi sakmenika, India taksih panggah satuhu. Sakmenika, para pangageng jaman sakmenika, piyambakipun sedaya meggalih bilih para priyantun India punika aleman, amargi namung menggalih menggah ing Gusti Pangeran kemawon -- piyambakipun sedaya mboten menggalih kados para priyantun Amerika lan para priyantun Eropa ingkang menggalih menggah ing pangrembakan ekonomi.

Dados kados mekaten punika kawontenanipun, lan punika ewed sanget, nanging kawula sedaya taksih dados nindakaken satunggaling perkawis kangge kamanungsan, inggih menika kanthi mucalaken kainsapan Kṛṣṇa punika. Lan piyambakipun sedaya ingkang kabegjan, piyambakipun sedaya badhe rawuh sarta nindakaken perkawis punika kanthi satuhu. Para lare-lare ingkang sembrana sarta boros punika, kawula sedaya nggadhahi kathah sanget kupiya. Kangge kupyanipun, sami kados dene wonten cadhongan lisah, lan pyambakipun sedaya ngangsalaken pawartos bilih kanthi lisah piyambakipun saged nglampahaken mobil tamanpa betah dipunseret dening jaran. Lajeng piyambakipun sedaya ndamel mayuta-yuta mobil lan mekewedi sedaya kasamektanipun lisah. Punika minangka satunggaling kasembranan. Lan nalikanipun perkawis punika kedah mantun, mila piyambakipun namung saged nangis. Lan sedayanipun badhe mantun. Punika sayekti kapuntindakaken. Kasembranan. Sami kados dene satunggaling lare ingkang sembrana, ramanipun sampun maringaken setunggal kemplakan raja brana, nanging piyambakipun ngginakaken sarta nelasaken bandha donya punika tamanpa wonten andhegipun. Nalikanipun panjenengan ngangsalaken bandha punika, mila saknalikanipun bandha punika dipuntelasaken. Punika kemawon. Punika kasembranan. Wonten kakiyatan ing salebeting raga, lan nalikanipun raga punika ngraos sakedhik kanikmatanipun gesang seks, "Oh, telasaken punika, ginakaken punika," lan sedaya energi punika dipuntelasaken. Lan utekipun dados kothong. Dipunawiti saking yuswa kalihwelas taun, lan nalikanipun nggayuhi yuswa tigangdasa taun, sedayanipun tumpes. Lan piyambakipun dados lemah syahwat. Nalikanipun kawula taksih bocah- nalikanipun kawula taksih bocah, kinten-kinten wolungdasa taun utawi setunggalatus taun ingkang rumiyin - mboten wonten mobil. Lan sakmenika, dhateng pundi kemawon panjenengan tindak, wonten ing nagara menapapun, panjenengan badhe manggihi ewonan lan mayuta-yuta mobil. Punika kasembranan. Atusan tahun ingkang rumiyin piyambakipun sedaya saged nindakaken perkawis punika tamanpa wontenipun mobil, lan sakmenika piyambakipun sedaya mboten saged gesang tanpa setunggal mobilpun. Kanthi cara menika, kanthi mboten sakmesthinipun, piyambakipun mindhakaken kabetahan gesang material utawi kabetahan gesang ingkang adhedhasar dhateng raga. Punika kasembranan. Lan para pangageng, ingkang ngrentegaken piyambakipun sedaya dhateng kasembranan punika, malah dipunmastani minangka pangageng ingkang sae. Lan piyambakipun ingkang badhe ngendikan, "Andhegaken umuk-umukan punika, mangga rawuh dhateng kainsapan Kṛṣṇa," mila mboten setunggal priyantunpun ingkang badhe mredulekaken piyambakipun. Andhā yathāndhair upanīyamānās te 'pīśa-tantryām uru-dāmni baddhāḥ (SB 7.5.31). Punika dipunwastani minangka pangageng tunanetra ingkang mangagengi para pandherekipun ingkang ugi tunanetra. Piyambakipun sedaya mboten mangertosi bilih piyambakipun sedaya kekalihipun dipunsindhet dening hukum-hukum ngalam ingkang werit, ingkang kedah dipituhoni. (hening).

Kados pundi hukum-hukum ngalam punika kapuntindakaken. Piyambakipun sedaya sayekti wonten ing salebetipun ingkang mboten lantip. Piyambakipun sedaya mboten mangertos. Punika kasusilan modern. Hukum-hukum ngalam tansah kapuntindakaken lumantar caranipun piyambak. Panjenengan preduli utawi panjenengan mboten preduli dhateng perkawis punika, punika kersanipun panjenengan, nanging hukum ngalam badhe kapuntindakaken. Prakṛteḥ kriyamāṇāni guṇaiḥ karmāṇi sarvaśaḥ (BG 3.27). Nanging para bajingan ingkang ugal-ugalan punika, piyambakipun sedaya mboten mangertosi kados pundi hukum-huum ngalam badhe kapuntindakaken. Piyambakipun sedaya kanthi bodho sanget ngiktiyaraken kanthi ingkang mboten-mboten, kangge nanggulangi hukum-hukum ngalam. Punika minangka ngelmu seserepan, ngelmu seserepanipun para bajingan, ingkang mestail. Nanging piyambakipun sedaya panggah nglajengaken iktiyarar punika. Punika ingkang dipunwastani minangka ugal-ugalan. Bodho. Menapa para sarjana punika mboten ngendikan kados mekaten, "Kawula sedaya badhe ngiktiyaraken kangge nanggulangi." Bajingan, panjenengan mboten badhe mumpuni nindakaken perkawis punika. Nanging ingkang ugal-ugalan punika lajeng panggah kapuntindakaken. Lan piyambakipun sedaya tansah maringaken kerenteg, "Oh, sae sanget, sae sanget, sae sanget." "Oh, panjenengan badhe tindak dhateng planet candra." Nanging saksampunipun nindakaken sedaya budidaya, angguripun kanyata sepet, "Punika muspra." Punika pikantuk sedayanipun. Panjenengan nyumerapi cariyos punika? Sang srigala? Sang srigala ngiktiyaraken kangge ngranggeh anggur kanthi cara mlumpat, mlumpat lan mlumpat. Nalikanipun piyambakipun mboten angsal damel, mila piyambakipun ngendikan, "Oh, punika mboten wonten ginanipun, angguripun sepet, mboten wonten ginanipun," (gumujeng). Dados piyambakipun sedaya saweg polah kados mekaten. Para srigala saweg mlumpat, namung menika kemawon. Lan kawula sedaya saged mirsani kados pundi para bajingan punika saweg mlumpat-lumpat kanthi muspra. Mila kawula sedaya maringaken pepeling dhateng para priyantun amrih mboten tumut para srigala punika. Dados wicaksana lan dados insap dhateng Kṛṣṇa. Punika ingkang badhe ndadosaken gesangipun panjenengan angsal damel.