JV/Prabhupada 0076 - Mirsani Kṛṣṇa Wonten Pundi-pundi



Ratha-yatra -- San Francisco, June 27, 1971

Nalikanipun netra kawula sedaya dipunparingi salep ingkang arupa tresna asih dhateng Gusti Pangeran, mila kawula sedaya saged mirsani Panjenenganipun wonten pundi-pundi. Punika pitedahipun śāstra. Kawula kedah ngrembakakaken daya paningalipun kanthi cara ngrembakakaken tresna asih dhateng Gusti Pangeran. Premāñjana-cchurita bhakti-vilocanena (Bs. 5.38). Nalikanipun satunggaling priyantun sampun cekap majeng ing salebetipun kainsapan Kṛṣṇa, mila piyambakipun saged mirsani Gusti Pangeran saben wekdal ing salebeting kalbunipun lan wonten pundi-pundi, dhateng pundi kemawon piyambakipun tindak. Dados pakempalan kainsapan Kṛṣṇa punika minangka satunggaling iktiyar kangge mucalaken para priyantun menggah ing kados pundi caranipun mirsani Gusti Pangeran, kados pundi caranipun mirsani Kṛṣṇa. Kṛṣṇa saged dipunpirsani menawi kawula sedaya nindakaken wucalan. Sami kados dene Kṛṣṇa dhawuh, raso 'ham apsu kaunteya (BG 7.8). Kṛṣṇa dhawuh, "Aku minangka rasa saka banyu." Saben kawula sedaya, kawula sedaya ngunjuk toya saben dintenipun, mboten namung sepindhah, kaping kalih, kaping tiga utawi langkung saking punika. Dados saknalikanipun kawula sedaya ngunjuk toya, menawi kawula sedaya menggalih bilih raos toyanipun minangka Kṛṣṇa, mila saknalikanipun ugi kawula sedaya dados insap dhateng Kṛṣṇa. Kangge dados insap dhateng Kṛṣṇa sanes satunggaling pakaryan ingkang ewed sanget. Kawula sedaya cekap namung kanthi nindakaken perkawis punika kemawon.

Sami kados dene kupiya saklajengipun punika menggah ing kados pundi caranipun mucal kangge dados insap dhateng Kṛṣṇa. Saben panjenengan ngunjuk toya, nalikanipun panjenengan ngraos lega, raos ngelakipun sampun kalegan, mila saknalikanipun panjenengan menggalih bilih raos ngelak wau sarta kakiyatan kalegan dhateng raos ngelak wau minangka Kṛṣṇa. Prabhāsmi śaśi sūryayoḥ. Kṛṣṇa dhawuh, "Aku minangka surya. Aku minangka candra." Dados kala siyang, mangga saben priyantun mirsani surya. Nalikanipun panjenengan mirsani surya, mila saknalikanipun panjenengan saged menggalih Kṛṣṇa, "Punika Kṛṣṇa." Nalikanipun panjenengan mirsani candra kala dalu, mila saknalikanipun panjenengan saged emut, "Punika Kṛṣṇa." Kanthi cara punika, menawi panjenengan nindakaken perkawis punika, mila wonten kathah sanget kupiyanipun, wonten kathah kupiya ing salebetipun Bhagavad-gītā, ing Parwa Kaping Pitu, menawi panjenengan maos parwa punika kanthi setiti, kados pundi caranipun nindakaken kainsapan Kṛṣṇa. Mila saklajengipun wonten ing wekdalipun, nalikanipun panjenengan sampun dados mateng ing salebeting tresna asih dhateng Kṛṣṇa, panjenengan badhe mirsani Kṛṣṇa wonten pundi-pundi. Mboten satunggal priyantunpun betah mbiyantu panjenengan kangge mirsani Kṛṣṇa, nanging Kṛṣṇa badhe dipunwedharaken ing ngajengipun panjenengan, lumantar bhakti panjenengan, lumantar tresna asih panjenengan. Sevonmukhe hi jihvādau svayam eva sphuraty adaḥ (Brs. 1.2.234). Kṛṣṇa, nalikanipun satunggaling priyantun wonten ing swasana ngladosi ing salebeting kalbunipun, nalikanipun satunggaling priyantun mangertosi bilih, "Kawula minangka abdi sewakanipun ingkang langgeng saking Kṛṣṇa utawi Gusti Pangeran," mila saklajengipun Kṛṣṇa mbiyantu panjenengan menggah ing kados pundi caranipun kangge mirsani Panjenenganipun.

Punika dipunpratelaaken ing salebetipun Bhagavad-gītā,

teṣāṁ satata-yuktānāṁ
bhajatāṁ prīti-pūrvakam
dadāmi buddhi-yogaṁ taṁ
yena mām upayānti te
(BG 10.10)