JV/Prabhupada 1057 - Bhagavad-gītā Ugi Kasuwur Minangka Gītopaniṣad, Underan Saking Seserepan Veda



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Prabhupāda :

oṁ ajñāna-timirāndhasya
jñānāñjana-śalākayā
cakṣur unmīlitaṁ yena
tasmai śrī-gurave namaḥ

(Kawula mangestupada dhateng guru karohanen kawula, ingkang ngagem tejaning suluh seserepan sampun mbikakaken netra kawula, ingkang mboten saget mirsani amargi wonten ing salebetipun pepeteng saking kamboten-lantipan).

śrī-caitanya-mano-'bhīṣṭaṁ
sthāpitaṁ yena bhū-tale
svayaṁ rūpaḥ kadā mahyaṁ
dadāti sva-padāntikam

(Benjang menapa Śrīla Rūpa Gosvāmī Prabhupāda, ingkang sampun njumenengaken ing ngalam donya menika, karya kagem maremaken pepinginanpun Śrī Caitanya, maringaken dhateng kawula pangayoman ing ngandhap sampeyan-padmanipun?)

vande 'haṁ śrī-guroḥ śrī-yuta-pada-kamalaṁ śrī-gurūn vaiṣṇavāṁś ca
śrī-rūpaṁ sāgrajātaṁ saha-gaṇa-raghunāthānvitaṁ taṁ sa-jīvam
sādvaitaṁ sāvadhūtaṁ parijana-sahitaṁ kṛṣṇa-caitanya-devaṁ
śrī-rādhā-kṛṣṇa-pādān saha-gaṇa-lalitā-śrī-viśākhānvitāṁś ca

(Kawula mangestupada ing ngandhap sampeyan-padmanipun guru karohanen kawula lan ing ngandhap sampeyan-padmanipun para guru karohanen sedaya ingkang wonten ing salebetipun galer paguron paladosan bhakti. Kawula mangestupada dhateng para Vaiṣṇava sedaya lan dhateng Sad Gosvāmī, ingkang nglimputi Śrīla Rūpa Gosvāmī, Śrīla Sanātana Gosvāmī, Raghunātha dāsa Gosvāmī, Jīva Gosvāmī lan para mitranipun sedaya. Kawula mangestupada dhateng Śrī Advaita Ācārya Prabhu, Śrī Nityānanda Prabhu, Śrī Caitanya Mahāprabhu kaliyan para mitranipun sedaya ingkang dipunpangagengi dening Śrīvāsa Ṭhākura. Lajeng kawulo mangestupada kanthi tulus ing sakngandhapipun sampeyan-padmanipun Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, Śrīmatī Rādhārāṇī lan para gopī sedaya, ingkang dipunpangagengi dening Lalitā lan Viśākhā).

he kṛṣṇa karuṇā-sindho
dīna-bandho jagat-pate
gopeśa gopikā-kānta
rādhā-kānta namo 'stu te

(O Śrī Kṛṣṇa pepunden kawula, Panjenengan menika mitra kagem para tiyang ingkang saweg nandhang sungkawa, lan Panjenengan menika sumber saking sedaya reriptan. Panjenengan menika sesembahan para gopa lan Panjenengan menika katresnanipun para gopī, utamanipun Rādhārāṇī. Kawula mangestupada kanthi tulus dhateng Panjenengan).

tapta-kāñcana-gaurāṅgi
rādhe vṛndāvaneśvari
vṛṣabhānu-sute devi
praṇamāmi hari-priye

(Kawula mangestupada kanthi tulus dhateng Rādhārāṇī, ingkang pakulitanipun kados kencana encer, lan ingkang minangka Parameswari ing Vṛndāvana. Panjenengan menika puteri saking Maharaja Vṛṣabhānu, lan Panjenengan menika dipuntresnani sanget dening Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa).

vāñchā-kalpatarubhyaś ca
kṛpā-sindhubhya eva ca
patitānāṁ pāvanebhyo
vaiṣṇavebhyo namo namaḥ

(Kawulo mangestupada dhateng para Vaiṣṇava, para panyembah Gusti Pangeran. Piyambakipun saget maringaken pepinginan para tiyang sedaya, kados dene taru kalpavṛkṣa, taru ingkang saget maringaken sedaya pepinginan, lan piyambakipun tansah luber ing welas asihipun dhateng para atma ingkang sampun dhawah).

śrī-kṛṣṇa-caitanya
prabhu-nityānanda
śrī-advaita gadādhara
śrīvāsādi-gaura-bhakta-vṛnda

(Kawula mangestupada dhateng Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa Caitanya, Prabhu Nityānanda, Śrī Advaita, Gadādhara, Śrīvāsa lan para panyembah Gusti Pangeran Śrī Caitanya).

hare kṛṣṇa hare kṛṣṇa kṛṣṇa kṛṣṇa hare hare
hare rāma hare rāma rāma rāma hare hare

(O Gusti Pangeran pepundhen kawula, O daya karohanen Gusti Pangeran, nyuwun tansah dipunkanthi ngladosi katur Panjenengan. Dinten-dinten menika kawula saweg judheg ngladosi ngalam donya material punika. Nyuwun tansah dipunkanthi ngladosi katur Panjenengan).


Tembung Pambuko ing Gītopaniṣad dening A.C. Bhaktivedanta Swami, panyerat pustaka Śrīmad-Bhāgavatam, Margi Ingkang Gampil Dhateng Planet Sanesipun, editor kalawarta Wangsul Dhateng Gusti Pageran, lan pustaka ingkang sanesipun.

Bhagavad-gītā ugi kasuwur minangka Gītopaniṣad, underan saking seserepan Veda, lan minangka salah satunggaling pustaka ingkang paling wigati saking Upaniṣad-Upaniṣad ingkang wonten ing salebetipun kasusastran Veda. Wonten katah suraos-suraos perkawis Bhagavad-gītā ing basa Inggris lan kenging menapa dipunbetahaken kawontenanipun suraos ingkang sanesipun saking Bhagavad-gītā ing basa Inggris, saget dipunwedharaken kados ing ngandhap punika. Setunggaling priyantun .... Setunggaling priyantun estri saking Amerika, Ibu Charlotte Le Blanc, nyuwun dhateng kawula kersanipun kawula mrayogaaken dhateng piyambakipun setunggal Bhagavad-gītā ing basa Inggris ingkang saget dipunwaos dening piyambakipun. Tamtu kemawon, ing Amerika wonten kathah sanget suraos Bhagavad-gītā ing basa Inggris, nanging miturut pamawas kawula, mboten namung ing Amerika kemawon nanging ugi wonten kathah ing India, mboten wonten satunggalpun suraos-suraos wau ingkang saget dipunwastani minangka suraos ingkang gadhah kawenangan, amargi meh sedaya suraos-suraos Bhagavad-gītā menika sampun nglebetaken wohing pamikir saking panyeratipun piyambak-piyambak lumantar suraos saking Bhagavad-gītā nanging tanpa ngangliptani roh saking Bhagavad-gītā miturut sejatosipun.

Rohipun Bhagavad-gītā dipunwastani ing salebetipun Bhagavad-gītā menika piyambak, ingkang saget dipunandharaken kados ing ngandhap punika. Bilih kawula sedaya badhe ngunjuk sawernaning jampi, milo kawula sedaya kedhah tumut pitedah ingkang kaserat ing wedharan saking jampi menika. Kawulo sedaya mboten saget ngunjuk jampi menika sakersanipun piyambak utawi miturut pitedah saking rencang sanesipun, nanging kawulo sedaya kedah ngunjuk jampi meniko miturut pitedah ingkang sampun dipunserat wonten ing botolipun jampi meniko lan kedah sami miturut pitedah ingkang sampun dipunparingaken dening dokter. Mekaten ugi, Bhagavad-gītā kedah dipunpendhet utawi dipuntampi miturut aslinipun, sami kalian ingkang sampun dipundhawuhaken dening Gusti Pangeran ingkang sampun dhawuh piyambak.