JV/Prabhupada 1060 - Kejawi Menawi Satunggaling Priyantun Nampi Bhagavad-gītā Punika Kanthi Legawa ...



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Sarvam etad ṛtaṁ manye (BG 10.14). "Kawula nampi sedayanipun, kawula pitados bilih menapa kemawon ingkang sampun Panjenengan dhawuhaken, sedayanipun leres. Lan Panjenengan, Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, Panjenengan menika ewed sanget kagem dipunmangertosi. Lan amargi menika Panjenengan malah mboten saget dipunmangertosi dening para dewa. Panjenengan malah mboten saget dipunmangertosi dening para dewa." Punika suraosipun bilih Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa malah mboten saget dipunmangertosi dening para kaprianggan ingkang dahat minulya lan ingkang langkung inggil kalenggahanipun tinimbang limrahing manungsa. Lajeng menawi mekaten kados pundi satunggaling priyantun biyasa saget mangertosi Śrī Kṛṣṇa tanpa dados panyembahipun?

Amargi menika Bhagavad-gītā kedah dipuntampi ing salebetipun greget ngladosaken bhakti dhateng Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa. Satunggaling priyantun kedahipun mboten menggalih bilih piyambakipun sami drajatipun utawi wonten ing tataran ingkang sami kaliyan Śrī Kṛṣṇa, utawi piyambakipun kedahipun mboten menggalih bilih Panjenenganipun minangka limrahipun kaprianggan utawi kaprianggan ingkang dahat minulya. Mboten mekaten. Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa menika Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Dados samboten-mbotenipun adhedhasar teori, miturut pratelanipun Bhagavad-gītā utawi miturut pratelanipun ingkang werit saking Arjuna, ingkang dados priyantun ingkang marsudi kangge mangertosi Bhagavad-gītā, mila kedahipun kawula sedaya nampi Śrī Kṛṣṇa minangka Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, lan kanthi legawa ... Kejawi menawi satunggaling priyantun nampi Bhagavad-gītā punika kanthi legawa lumantar midangetaken, mila ewed sanget kangge mangertosi Bhagavad-gītā, amargi Bhagavad-gītā menika minangka perkawis ingkang ageng sanget wewadinipun.

Dados ing salebetipun Bhagavad-gītā punika ... Kawula sedaya saget nitipriksa menapa sejatosipun Bhagavad-gītā punika. Bhagavad-gītā punika katujoaken kangge kebebasanipun umat manungsa, sedaya umat manungsa, saking kamudha-daman ing salebetipun kawontenan ngalam donya punika. Saben tiyang saweg nandang kasengsaran ing salebetipun maneka-warna kupiya, kados Arjuna ugi ingkang saweg nemahi karibetan kangge ngadhepi perang wonten ing salebetipun peperangan ing Kurukṣetra. Lan ing kawontenan ingkang kados mekaten piyambakipun pasrah dhateng Śrī Kṛṣṇa, lan amargi menika Bhagavad-gītā punika dipunsabdaaken. Mekaten ugi, sanes namung Arjuna, nanging kawula sedaya piyambak-piyambak inggih tansah ngraosaken kakuwatosan amargi kawontenan kawula sedaya ing ngalam donya menika. Asad-grahāt. Punika .... Kawontenan kawula sedaya kawujudaken ing salebetipun wewengkon, utawi swasana saking satunggaling kamboten-wontenan. Nanging sejatosipun, priangga kawula sedaya sanes satunggaling kamboten-wontenan. Kawontenan kawula sedaya langgeng, nanging mboten mangertos kados pundi, sapunika kawula sedaya sampun dipunpanggenaken ing salebetipun kawontenan ingkang asat punika. Asat suraosipun ingkang mboten wonten.

Sapunika, saking sakathahipun priyantun ingkang mundhut pirsa menggah ing kalenggahan piyambakipun, sinten piyambakipun sejatosipun, kenging menapa piyambakipun dipunpanggenaken ing salebetipun kalenggahan ingkang sengsara sanget lan aneh punika ... Kejawi menawi piyambakipun emut ngantos ing kalenggahan ing pundi piyambakipun ngawiti mundhut pirsa, "Kenging menapa kula sengsara? Kawula mboten kepengin sedaya kasengsaran punika. Kawula sampun marsudi kangge ngrampungaken sedaya kasengsaran punika, nanging kawula gagal." Kejawi menawi satunggaling priyantun wonten ing kalenggahan kados menika, mila piyambakipun mboten saget dipunwastani minangka priyantun ingkang sampurna. Kamanungsan dipunwiwiti nalikanipun pamarsudi madosi ingkang kados mekaten sampun kabangkitaken ing salebetipun penggalihipun. Ing salebetipun Brahma-sūtra pamarsudi madosi ingkang kados mekaten dipunwastani minangka brahma-jijñāsā. Athāto brahma jijñāsā. Lan saben kridhanipun manungsa kedah dipunwastani minangka satunggaling mboten pikantuk damel tanpa wontenipun kupiya madosi ingkang kados mekaten ing salebetipun penggalihipun. Dados priyantun ingkang sampun mbangkitaken pamarsudi madosi menika ing salebetipun penggalihipun sampun dumugi ing, "Kawula menika sinten, kenging menapa kawula sengsara, saking pundi sangkan paran kawula menika utawi badhe kesah dhateng pundi kawula menika sasampunipun pejah," nalikanipun pitakenan kados mekaten menika medal ing salebetipun penggalih saking satunggaling priyantun ingkang waras, mila piyambakipun sampun dados sisya ingkang cecek kangge mangertosi Bhagavad-gītā. Lan piyambakipun menika tamtu kemawon śraddhāvān. Śraddhāvān. Piyambakipun tamtu nggadhahi raos kurmat lan raos katresnan dhateng Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Priyantun ingkang kados mekaten, ingkang dados tiyang ingkang sae sanget lan saget dipuntuladhani, inggih menika Arjuna.