JV/Prabhupada 1072 - Tilaraken Ngalam Donya Material Punika Lan Angsalaken Gesangipun Kawula Sedaya Ingkang Langgeng Ing Karatyan Ingkang Lestari



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Gusti Pangeran rawuh, lan amargi welas-asihipun ingkang niskarana, Panjenenganipun miyosaken dhirinipun ing salebetipun wujud Śyāmasundara-rūpanipun. Nanging ketiwasan, para priyantun ingkang kirang lantip nacad Panjenenganipun. Avajānanti māṁ mūḍhā (BG 9.11). Amargi Gusti Pangeran rawuh minangka salah setunggal saking kawula sedaya lan Panjenenganipun remen sanget ameng-ameng kaliyan kawula sedaya minangka satunggaling jalmi, mila mboten saget dipunsuraosaken bilih Panjenenganipun minangka salah setunggal saking kawula sedaya. Namung amargi kamurbeng-wasesanipun kemawon mila Gusti Pangeran miyosaken dhirinipun ing salebetipun wujud sejatosipun wonten ing ngajengipun kawula sedaya, lajeng Panjenenganipun ngatonaken kridha-kridhanipun ingkang ugi ngetingalaken wujud sejati saking panggenanipun. Dados ing salebetipun panggenan Gusti Pangeran punika ugi wonten planet-planet ingkang mboten saget dipunpetang kathahipun ing salebetipun brahma-jyotir. Sami kados dene kawula sedaya nggadhahi planet-planet ingkang mboten saget dipunpetang kathahipun, ingkang ngrambang ing tejanipun surya, mila sami kados dene ugi perkawisipun, ing salebetipun brahma-jyotir, ingkang sumorot saking panggenan Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, Kṛṣṇaloka, Goloka, ānanda-cinmaya-rasa-pratibhāvitābhis (BS 5.37), sedaya planet punika minangka planet ingkang asipat rohani. Planet-planet punika inggih menika ānanda-cinmaya, piyambakipun sedaya sanes planet-planet ingkang asipat material. Dados Gusti Pangeran dhawuh :

na tad bhāsayate sūryo
na śaśāṅko na pāvakaḥ
yad gatvā na nivartante
tad dhāma paramaṁ mama
(BG 15.6)

Sapunika, satunggaling priyantun ingkang saget nggayuh antariksa rohani punika mboten kedah wangsul malih dhateng antariksa material punika. Kawula sedaya sampun dangu sanget wonten ing antarika material punika, dados menapa malih ingkang saget kawula sedaya aturaken menggah ing kupiya nggayuh planet candra ... Planet candra tamtu kemawon inggih menika planet ingkang paling celak, nanging mekaten ugi menawi kawula sedaya nggayuh planet ingkang paling nginggil, ingkang dipunwastani minangka Brahmaloka, wonten ing mrika kawula sedaya ugi panggah nggadhahi kasengsaran gesang material ingkang sami, ingkang kawula kajengaken, kasengsaran amargi saking lair, pati, yuswa sepuh lan lelara. Mboten nate wonten setunggal kemawon planet ingkang wonten ing jagad raya material punika ingkang bebas saking sekawan prinsip kawontenan material. Amargi menika Gusti Pangeran dhawuh ing salebetipun Bhagavad-gītā, ābrahma-bhuvanāl lokāḥ punar āvartino 'rjuna (BG 8.16). Sagung dumadi nglelana saking setunggal planet dhateng planet sanesipun. Mboten dipunsuraosaken bilih kawula sedaya saget tindak mekaten kemawon dhateng planet sanesipun nitih rancangan mekanis kados ingkang wonten ing sputnik. Saben tiyang ingkang ngersaaken tindak dhateng planet sanesipun, wonten prosesipun. Yānti deva-vratā devān pitṟn yānti pitṛ-vratāḥ (BG 9.25). Menawi satunggaling priyantun ngersaaken tindak dhateng planet sanesipun, umpaminipun dhateng planet candra, kawula sedaya mboten kedah tindak dhateng mrika nitih sputnik. Bhagavad-gītā sampun maringaken pitedah dhateng kawula sedaya, yānti deva-vratā devān. Planet-planet candra utawi planet-planet surya ingkang wonten ing nginggilipun Bhūloka punika, sedayanipun dipunwastani minangka Svargaloka. Svargaloka. Bhūloka, Bhuvarloka, Svargaloka. Wonten kalenggahan-kalenggahan ingkang benten-benten saking planet-planet. Dados Devaloka, planet-planet menika kondhang kados mekaten.

Bhagavad-gītā sampun maringaken satunggaling rumus ingkang prasaja sanget, saengga panjenengan sedaya saget tindak dhateng planet ingkang langkung nginggil, Devaloka. Yānti deva-vratā devān. Yānti deva-vratā devān. Deva-vratā, menawi kawula sedaya nindakaken proses mangestupada dhateng satunggaling dewa tartamtu, mila kawula sedaya ugi saget tindak dhateng planet menika. Kawula sedaya saget tindak dhateng planet surya, kawula sedaya saget tindak dhateng planet candra, kawula sedaya ugi saget tindak dhateng planet-planet swarga, nanging Bhagavad-gītā mboten mrayogaaken dhateng kawula sedaya kangge tindak dhateng salah satunggaling planet ingkang wonten ing ngalam donya material, amargi menawi mekaten ugi kawula sedaya tindak dhateng Brahmaloka, planet ingkang paling nginggil, ingkang dipunpetang dening para sarjana modern bilih kawula sedaya saget nggayuh planet ingkang paling nginggil punika nitih sputnik ing wekdal ingkang dangunipun 40.000 warsa. Sapunika, mestail kangge saget gesang ingkang dangunipun 40.000 warsa lan nggayuh planet ingkang paling nginggil ingkang wonten ing jagad raya material punika. Nanging menawi satunggaling priyantun tansah ngabektekaken gesangipun ing salebetipun proses mangestupada dhateng satunggaling dewa tartamtu, mila piyambakipun saget nggayuh satunggaling planet punika, sami kados dene ingkang sampun dipunpratelaaken ing Bhagavad-gītā: yānti deva-vratā devān pitṟn yānti pitṛ-vratāḥ (BG 9.25). Sami kados dene, ugi wonten Pitṛloka. Lan sami ugi kados dene, satunggaling priyantun ingkang ngersaaken tindak dhateng planet ingkang utami, planet ingkang utami ... Ingkang dipunkajengaken kaliyan planet utami inggih menika Kṛṣṇaloka. Ing antariksa rohani, wonten kathah sanget planet-planet ingkang mboten saget dipunpetang kathahipun, planet-planet ingkang asipat sanātana, planet-planet ingkang langgeng, ingkang mboten nate badhe dipunleburaken, mboten nate badhe dipunpralayaaken. Nanging saking sedaya planet-planet rohani menika, wonten setunggal planet, planet ingkang sejati, ingkang dipunwastani minangka Goloka Vṛndāvana. Sedaya pawartos punika wonten ing salebetipun Bhagavad-gītā lan kawula sedaya sampun diparingi kalodhangan kangge nilaraken ngalam donya material punika sarta ngangsalaken gesangipun kawula sedaya ingkang langgeng ing karatyan ingkang lestari.