JV/Prabhupada 1079 - Bhagavad-gītā Minangka Satunggaling Kasusastran Rohani Ingkang Kedah Dipunwaos Dening Satunggaling Priyantun Kanthi Ngatos-atos Sanget



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Mirengaken Bhagavad-gītā utawi Śrīmad-Bhāgavatam saking priyantun ingkang sampun nggayuh kainsapan, punika badhe nglatih setunggal priyantun dados mlebet dhateng panggalih menggah ing Dumadi Ingkang Utami sadangunipun sekawanlikur jam sadintenipun, ingkang pungkasanipun badhe nuntun piyambakipun, anta-kāle, kangge ngemut-emut Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, saengga nalikanipun nilaraken raganipun, piyambakipun badhe nggadhahi setunggal salira rohani, setunggal salira rohani, salira ingkang jumbuh kangge saget memitran kaliyan Gusti Pangeran. Amargi menika Gusti Pangeran dhawuh,

abhyāsa-yoga-yuktena
cetasā nānya-gāminā
paramaṁ puruṣaṁ divyaṁ
yāti pārthānucintayan
(BG 8.8)

Anucintayan, kanthi lumintu namung tansah menggalih menggah ing Panjenenganipun. Punika sanes setunggal proses ingkang ewed. Setunggaling priyantun kedah nyinau proses punika saking priyantun sanesipun ingkang sampun winasis lan ingkang wonten ing salebetipun galer paguron punika. Tad vijñānārthaṁ sa gurum evābhigacchet (MU 1.2.12). Setunggaling priyantun kedahipun nyelaki priyantun sanesipun ingkang sampun nindakaken praktek punika. Dados abhyāsa-yoga-yuktena. Punika dipunwastani minangka abhyāsa-yoga, nindakaken. Abhyāsa ... Kados pundi anggenipun kangge tansah emut dhateng Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Cetasā nānya-gāminā. Panggalih, panggalih punika tansah miber mrika lan miber mriki. Mila setunggaling priyantun kedah nglatih kangge tansah ngendhalekaken penggalihipun mlebet dhateng wujudipun Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa Ingkang Utami, utawi mlebet dhateng suwanten, mlebet dhateng asma Panjenenganipun ingkang langkung gampil. Kangge nggantosi pangendhalen dhateng penggalih kawula - amargi penggalih kawula mboten saget mendel, tansah ebah mrika lan mriki, kawula saget ngeningaken talingan kawula dhateng geteripun suwantenipun Kṛṣṇa, lan sedaya wau badhe mbiyantu kawula. Punika abhyāsa-yoga. Cetasā nānya-gāminā paramaṁ puruṣaṁ divyaṁ. Paramaṁ puruṣa, Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa ingkang wonten ing karatyan rohani, ing antariksa rohani, setunggaling priyantun saget nggayuh Panjenenganipun, anucintayan, kanthi tansah menggalih. Dados proses-proses punika, sedaya anggenipun lan pirantinipun dipunsebataken ing salebetipun Bhagavad-gītā, lan mboten wonten pepalang kangge sinten kemawon. Mboten dipunsuraosaken bilih namung setunggal golongan tiyang tartamtu kemawon ingkang saget nggayuh menika. Menggalih menggah ing Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa minangka satunggaling perkawis ingkang saget dipuntindakaken, lan mirengaken menggah ing Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa ugi minangka perkawis ingkang saget dipuntindakaken kangge saben priyantun. Lan Gusti Pangeran dhawuh ing salebetipun Bhagavad-gītā :

māṁ hi pārtha vyapāśritya
ye 'pi syuḥ pāpa-yonayaḥ
striyo vaiśyās tathā śūdrās
te 'pi yānti parāṁ gatim
(BG 9.32)
kiṁ punar brāhmaṇāḥ puṇyā
bhaktā rājarṣayas tathā
anityam asukhaṁ lokam
imaṁ prāpya bhajasva mām
(BG 9.33)

Gusti Pangeran dhawuh bilih malah ugi priyantun ingkang nggadhahi drajat gesang ingkang paling ngandhap, drajat gesang ingkang paling ngandhap, utawi malah ugi satunggaling wanodya ingkang asor, utawi satunggaling saudagar utawi para buruh ... Para saudagar, para buruh lan para wanodya, sedayanipun kasengguh wonten ing salebetipun setunggal golongan amargi sedayanipun dereng majeng sanget. Nanging Gusti Pangeran dhawuh bilih sedayanipun wau ugi, utawi malah ugi golongan ingkang langkung ngandhap saking sedayanipun, māṁ hi pārtha vyapāśritya ye 'pi syuḥ (BG 9.32), sanes sedayanipun kemawon utawi malah ugi ingkang langkung ngandhap saking sedayanipun, utawi sinten kemawon. Mboten peduli sinten kemawon priyantun kakung utawi priyantun estri punika, sedayanipun ingkang nampi prinsip bhakti-yoga punika lan nampi Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa minangka kaluhuran agungipun gesang, arah lan angkahipun gesang ingkang paling nginggil piyambak ... Māṁ hi pārtha vyapāśritya ye 'pi syuḥ, te 'pi yānti parāṁ gatim. Parāṁ gatim punika ingkang wonten ing karatyan rohani lan ing antariksa rohani, sedaya priyantun saget nggayuh punika. Piyambakipun sedaya namung kedah nindakaken sistem punika. Sistem punika dipunpralambangaken ing salebetipun Bhagavad-gītā kanthi sae sanget lan setunggaling priyantun saget ngginaken sistem punika, ndamel gesangipun dados sampurna lan ngasilaken satunggaling tuntasing perkawisipun ing salebetipun gesangipun kangge sadangunipun. Punika ringkesan lan underan saking isinipun Bhagavad-gītā. Amargini menika, pungkasanipun bilih Bhagavad-gītā minangka satunggaling kasusastran rohani ingkang kedah dipunwaos dening satunggaling priyantun kanthi ngatos-atos sanget. Gītā-śāstram idaṁ puṇyaṁ yaḥ paṭhet prayataḥ pumān. Lan pungkasanipun mangke, menawi piyambakipun nglampahaken pitedah punika kanthi leres, mila piyambakipun badhe dipunbebasaken saking sedaya kasangsaran lan kuwatos ing gesangipun. Bhaya-śokādi-varjitaḥ (Gītā-māhātmya 1). Sedaya kuwatosipun gesang, ing salebetipun gesang menika, sarta piyambakipun badhe pikantuk gesang rohani ing gesang salajengipun.

gītādhyāyana-śīlasya
prāṇāyama-parasya ca
naiva santi hi pāpāni
pūrva-janma-kṛtāni ca
(Gītā-māhātmya 2)

Dados kabegjan sanesipun bilih satunggaling priyantun maos Bhagavad-gītā, kanthi tulus lan temen sanget, mila kanthi kepareng Gusti Pangeran, wusananipun saking dosa-dosanipun kapengker mboten bakal badhe mangaribawani malih.