Template

Template:JV/Javanese Main Page - What is Vanipedia

Vanipedia minangka satunggaling ensiklopedia ingkang tansah ngrembaka saking tetembunganipun (vani) Srila Prabhupada. Lumantar mawarni-warni budidaya ngasto damel sesarengan, kawula sedaya sampun nitiki lan nata sedaya pitutur lan pamulangipun Srila Prabhupada saking werni-werni wawasan kangge saklajengipun dipuncawisaken malih kanthi cara ingkang gampil kangge digayuh lan dipunmangertosi. Kawula sedaya saweg ngedegaken satunggaling wadhah pasimpenan ingkang tamanpa tandhing saking pitutur lan pamulangipun Srila Prabhupada ingkang sampun dipundigitalisasekaken, kangge dipundadosaken minangka satunggaling pisungsung kagem piyambakipun, ing saklebeting wujud satunggaling wadhah lumintu ingkang nglimputi sakindhenging ngalam ndonya, ingkang saged dipundamel minangka pamulang lan pamarsudinipun seserepan kainsapan Krishna kangge kawigatosanipun sedaya jalma manungsa wonten ing jagat pramudita.

Pakaryan ngedegaken Vanipedia punika minangka satunggaling budidaya ngasta damel sesarengan saking mawarni-warni basa ingkang nglimputi sakindhenging ngalam donya. Pakaryan punika saged dados angsal damel amargi wonten kathah sanget para penyembahipun Srila Prabhupada ingkang kepareng nyarengi lan nyengkuyungi lumantar werni-werni cara. Saben basa nggadhahi tataran kamajenganipun piyambak-piyambak ingkang benten-benten. Kawula sedaya ngajeng-ajeng bilih sedaya rekaman pamulangipun, rekaman pangandikanipun kaliyan serat-seratipun Srila Prabhupada saged angsal damel dipuntarjamahaken sedayanipun sakmboten-mbotenipun dhateng 16 basa, lan saged mantun 25% dhateng sakmboten-mbotenipun 32 basa, saengga saged dipundamel kangge satunggaling pisungsung wonten ing upacara kangge ngemuti 50 warsa tilaripun Srila Prabhupada wonten sasih November 2027. Menapa basa Jawa badhe saged dados salah satunggaling basa ingkang nggayuh target punika?