JV/Prabhupada 1062 - Kawula Sedaya Nggadhahi Pepinginan Kangge Nguwaosi Ngalam Donya Material

Revision as of 06:58, 29 October 2018 by Gusti (talk | contribs) (Created page with "<!-- BEGIN CATEGORY LIST --> Category:1080 Javanese Pages with Videos Category:Prabhupada 1062 - in all Languages Category:JV-Quotes - 1966 Category:JV-Quotes -...")
(diff) ← Older revision | Latest revision (diff) | Newer revision → (diff)


660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Dados kawula sedaya punika nembe klentu. Nalika kawula sedaya mirsani ngedab-edabainipun kawontenan ingkang kelampahan ing sajroning alam kosmik punika, kawula sedaya kedahipun semerap bilih wonten wingking sedaya wewujudan ingkang ngedab-edabi punika sanityoso wonten kaprianggan ingkang mangendhaliaken. Mboten wonten menapa-menapa kemawon ingkang saget mawujud tamanpa dipunkendhaliaken. Menawi kawula sedaya mboten nate menggalih kawontenanipun kaprianggan ingkang mangendhaliaken menika, bilih tumindak ingkang kados mekaton menika sami mawon kaliyan tumindakipun lare alit. Kados nalika wonten sawijining praoto ingkang sae sanget, ingkang saget melampah enggal sanget lan dipunpiranteni kaliyan pranatan teknis ingkang remit, praoto menika nembe ngeliwati margi ageng. Lajeng sawijining lare alit mbok menawi kemawon menggalih, "Piye carane kok praoto iku iso mlaku, tanpa anane pitulungan saking jaran utawa piranti kanggo nggeret liyane?" Nanging priyantun ingkang waras utawi tiyang ingkang sampun jembar tebanipun saget mangertosi bilih sanadyan wonten pranatan-pranatan teknis ing sajroning praoto menika, nanging menawi tiyang ingkang nyopirake praoto menika mboten wonten, mila praoto menika mboten saget ebah. Pranatan teknis ingkang waonten ing sawijining praoto utawi ing salebetipun gedhong pembangkit listrik .... Ing jaman semangkin punika samukawis dipunlampahaken ndamel mesin, nanging kawula sedaya kedah mangertosi bilih ing wonten wingkingipun sistem mesin punika, ing wonten wingkingipun tata laksana sistem mesin ingkang remit menika, sanityasa wonten kaprianggan ingkang nyopiri. Dados Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos menika minangka kaprianggan ingkang nyopiri, utawi adhyakṣa. Panjenenganipun menika minangka Kaprianggan Ingkang Utami lan samukawis sane lintune lumampah miturut pepurugan saking Panjenenganipun. Semangkin, para jīva punika, utawi sedaya sagung dumadi punika, piyambakipun sedaya sampun ditampi kaliyan Gusti Pangeran ing salebetipun Bhagavad-gītā punika, lan kawula sedaya bakal nyemerapi perkawis menika ing parwa-parwa sabanjuripun, bilih piyambakipun sedaya menika minangka pletikan ingkang mboten saget dipunpisahaken saking Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos. Mamaivāṁśo jīva-bhūtaḥ (BG 15.7). Aṁśa suraosipun pletikan ingkang mboten saget dipunpisahaken. Semangkin, kados setunggal brongkalan emas inggih ugi minangka emas amargi tatanan unsuripun sami, lan setunggal tetes toya segara ugi asin raosipun, mila mekaten ugi, kawula sedaya, sedaya sagung dumadi, ingkang minangka pletikan ingkang mboten saget dipunpisahaken saking Kapringgan Ingkang Maha Mangendhaliaken, inggih menika Īśvara, Bhagavān, utawi Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, krana, ingkang dipunkersaaken kawula inggih menika bilih kawula sedaya gadhah sedaya sesipatan saking Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, nanging kadaripun sesipatan menika alit sanget. Krana kawula sedaya menika minangka para īśvara alit, utawi para īśvara andhahan. Kawula sedaya inggih ugi marsudi mangendhaliaken. Kawula sedaya nembe marsudi mangendhaliaken alam punika. Semangkin punika panjenengan ugi nembi marsudi badhe mangendhaliaken antariksa. Panjenengan nembe nyobi ngrambangaken planet-planet ingkang lancung, ingkang sampun dipundamel kaliyan panjenengan piyambak. Dados, pangangkah kangge mangendhaliaken utawi ngriptaaken menika sejatosipun wonten krana kawula sedaya gadhah saperangan pangangkah kagem pangendhalian punika. Nanging kawula sedaya kedahipun mangertosi bilih pangangkah ingkang kados mekaton punika mboten cekap. Kawula sedaya gadhah pangangkah kangge mangendhaliaken alam dunya material, kangge nguwaosi alam dunya material, nanging kawula sedaya menika senes ingkang maha mangendhaliaken. Babagan punika sampun dipunandharaken ing salebetipun Bhagavad-gītā.

Lajeng, alam dunya material menika sejatosipun menapa? Alam punika inggih sampun dipunandharaken wonten mrika. Alam, alam dunya material, dipunandharaken in salebetipun Bhagavad-gītā minangka prakṛti ingkang sesipatanipun langkung ngandhap. Prakṛti ingkang sesipatanipun langkung ngandhap, nanging sedaya sagung dumadi dipunandharaken minangka prakṛti ingkang sesipatanipun langkung nginggil. Prakṛti suraosipun minangka ingkang dipunkendhaliaken, ingkang wonten ing ngandhapipun .... Prakṛti, sejatosipun suraos saking prakṛti inggih menika tiyang estri utawi tiyang wadon. Kados sawijining tiyang kakung ingkang mangendhaliaken sedaya laku saking garwanipun piyambakipun, mila inggih sami perkawisipun, prakṛti punika minangka andhahan utawi ingkang dipunkuwaosaken. Gusti Pangeran, Kaprianggan Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, Panjenenganipun minangka ingkang nguwaosi, lajeng prakṛti punika, sedaya sagung dumadi kaliyan alam dunya material menika, piyambakipun sedaya minangka prakṛti ingkang benten-benten, nanging piyambakipun sedaya dipunkendhaliaken kaliyan Gusti Pangeran Ingkang Utami. Dados miturut Bhagavad-gītā, sedaya sagung dumadi punika, sanadyan piyambakipu sedaya minangka pletikan ingkang mboten saget dipunpisahaken saking Gusti Pangeran Ingkang Dahat Kuwaos, nanging piyambakipun sedaya dipungolongaken minangka prakṛti. Babagan punika sampun dipunatur priksaaken ing Parwa Kapitu saking Bhagavad-gītā, apareyam itas tu viddhi aparā (BG 7.5). Alam dunya material punika minangka aparā iyam. Itas tu, lan ing wonten nginggilipun piyambakipun wonten prakṛti lintune. Lajeng, prakṛti menapa punika ingkang wonten inginggilipun piyambakipun? Jīva-bhūta, punika ...

Dados prakṛti punika, kawontenan saking prakṛti punika dipuntata saking tiga sesipatan : sesipatan kabecikan, sesipatan napsu lan sesipatan kamboten-mangertosan. Lan ing wonten nginggilipun tiga sesipatan punika, tiga sesipatan ingkang benten-benten inggih menika kabecikan, napsu kaliyan kamboten-mangertosan, wonten kala ingkang langgeng. Wonten kala ingkang langgeng. Lajeng lumantar wewantahan saking sedaya sesipatan alam punika kaliyan lumantar pangendhalian saking kala, ing salebeting wewengkon kala ingkang langgeng, mila miyos laku utawi kridha. Laku utawi kridha ingkang miyos punika dipunwastani minangka karma. Laku utawi kridha punika sampun dipuntumindhakaken saking purwa kala, lan kawula sedaya lajeng ngrekaosi utawi ngarahapi pamiyos saking laku lan kridha kawula sedaya menika.