JV/Prabhupada 1061 - Ing Salebetipun Bhagavad-gītā Punika Bakuning Rembaganipun Inggih Menika Pambudi Datheng Gangsal Kaluhuran Ingkang Benten-benten



660219-20 - Lecture BG Introduction - New York

Dados Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, Panjenenganipun miyos, yadā yadā hi dharmasya glānir bhavati (BG 4.7), namung kangge njejegaken arah ingkang sejati ing salebetipun gesang. Nalikanipun para priyantun kesupen arah sejati ing salebetipun gesang, ingkang minangka kuwajiban saking gesangipun ing salebetipun raganipun para jalmi, pramila menika dipunsebat minangka dharmasya glāniḥ, utawi reribet dhateng kuwajiban saking para jalmi. Dados ing salebetipun kawontenan ingkang kados mekaten, saking semanten kathahipun para jalmi, ingkang ngawungoaken, satunggaling priyantun ingkang ngawungoaken pambudi datheng kalenggahanipun, mila namung kangge piyambakipun Bhagavad-gītā punika dipunsabdaken. Kawula sedaya punika kados saweg dipunulu dening sardula kamudha-daman, lan Gusti Pangeran, ingkang tansah welas asih tanpa karana dhateng para sagung dumadi, utaminipun dhateng sedaya para jalmi, Panjenenganipun nyabdaaken Bhagavad-gītā, kanthi mawisuda Arjuna, ingkang minangka mitra Panjenenganipun dados sisyanipun.

Tamtu kemawon Arjuna .... Amargi piyambakipun minangka mitranipun Gusti Pangeran Śrī Kṛṣṇa, mila piyambakipun wonten ing nginggilipun sedaya kamudha-daman. Sanaos mekaten, Arjuna dipunselehaken ing salebetipun pepeteng saking Peperangan Kurukṣetra namung kangge nyuwun pirsa menggah ing perkawis ing salebetipun gesang dhumateng Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, saengga salajengipun Gusti Pangeran saget ngandharaken menggah ing perkawis punika kangge karaharjan sedaya para jalmi ing tembe wingking, kangge nengeri rancangan ing salebetipun gesangipun lan kangge nindakaken ingkang sami kaliyan rancangan kasebat, saengga gesangipun, kuwajiban ing salebetipun gesang minangka jalmi saget dados sampurna.

Dados ing salebetipun Bhagavad-gītā punika bakuning rembaganipun inggih menika pambudi datheng gangsal kaluhuran ingkang benten-benten. Kaluhuran ingkang kaping setunggal, sinten Gusti Pangeran menika. Punika minangka wucalan wiwitan ing salebetipun seserepan babagan Gusti Pangeran. Dados seserepan menggah ing Gusti Pangeran punika dipunadharaken wonten mriki. Salajengipun, kalenggahan dhasar saking sagung dumadi, jīva. Īśvara lan jīva. Gusti Pangeran, Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, Panjenenganipun dipunwastani minangka īśvara. Īśvara suraosipun ingkang ngendhalekaken, lan jīva, sagung dumadi inggih menika .... Jīva, sagung dumadi, piyambakipun sedaya sanes īśvara, sanes ingkang ngendhalekaken. Nanging piyambakipun sedaya minangka ingkang dipunkendhalekaken. Menawi kawula ngaturi priksa bilih, "Aku iki bebas, aku ora dikendalekake," menika satunggaling atur ingkang klentu, pramila menika sanes tetengeran saking tiyang ingkang waras. Sagung dumadi dipunkendhalekaken ing samukawisipun. Samboten-mbotenipun piyambakipun dipunkendhalekaken ing salebetipun gesangipun ingkang kasindhet. Dados ing salebetipun Bhagavad-gītā bakuning rembaganipun inggih menika budidaya kangge pitados menggah ing Īśvara, Ingkang Maha Ngendhalekaken, menggah ing sagung dumadi ingkang dipunkendhalekaken, lan menggah ing prakṛti, inggih menika ngalam donya, ngalam donya material. Salajengipun menggah ing kala utawi dangunipun kawontenan saking sedaya jagad raya, utawi wewujudan saking ngalam donya punika sarta dangunipun kala ingkang langgeng. Salajengipun ugi menggah ing karma. Karma suraosipun laku utawi kridha. Sedaya wewujudan jagad raya ingkang wonten ing salebetipun wewujudan kosmik menika, kebak dening laku utawi kridha ingkang maneka-warni. Sagung dumadi tansah ewed ing salebetipun laku lan kridha ingkang maneka-warni menika. Dados kawula sedaya kedah marsudi menggah ing īśvara, menggah ing sinten Gusti Pangeran menika, saking Bhagavad-gītā, ugi menggah ing jīva, perkawis sinten sagung dumadi menika, lan ugi menggah ing prakṛti utawi wewujudan kosmik punika, lan ugi menggah ing kados pundi sedaya menika dipunkendhalekaken dening kala, lan ugi menapa kemawon ingkang dipunwastani minangka laku utawi krida menika?

Sapunika, saking gangsal bakuning rembagan menika, ing salebetipun Bhagavad-gītā sampun dipuntamtoaken bilih Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa, utawi Kṛṣṇa, Brahman utawi Paramātmā ... Panjenengan sedaya saget kemawon nyebat Panjenenganipun minangka menapa kemawon. Nanging Ingkang Maha Ngendhalekaken menika wonten saestu. Gusti Pangeran Ingkang Maha Ngendhalekaken menika saestu wonten. Dados, Ingkang Maha Ngendhalekaken menika minangka ingkang paling ageng saking sanesipun. Lan sagung dumadi gadhahi bebudhen ingkang sami kaliyan Ingkang Maha Ngendhalekaken menika. Sami kaliyan Ingkang Maha Ngendhalekaken, kaliyan Gusti Pangeran. Panjenenganipun kagungan kendhali dhateng pranatan-pranatan jagad raya, ngalam donya material, kados pundi menika sedaya .... Sedaya menika badhe dipunandharaken ing salebetipun parwa-parwa salajengipun saking Bhagavad-gītā bilih ngalam donya material menika mboten madeg nyalira. Ngalam donya material menika lumampah tumut arahan saking Gusti Pangeran Ingkang Murbeng Wasesa. Mayādhyakṣeṇa prakṛtiḥ sūyate sa-carācaram (BG 9.10). "Ngalam donya material iki lumaku manut titahKu," mayādhyakṣeṇa, "ono ing sajroning pangawat-awatKu."