JV/Prabhupada 0033 - Asmanipun Mahāprabhu Inggih Menika Patita-pāvana



Morning Walk -- October 4, 1975, Mauritius

Puṣṭa Kṛṣṇa : Paangreh wekdal sapunika saweg nyanggi kridha-kridha duraka ingkang paling wengis. Dados kados pundi anggenipun kangge saged ngleresaken golongan para priyantun ing salebeting jumlahipun ingkang kathah sanget?

Prabhupāda : Menapa panjenengan ngersakaken kangge ngendikan bilih pangreh wekdal sapunika menika sampurna?

Puṣṭa Kṛṣṇa : Mboten.

Prabhupāda : Lajeng? Piyambakipun sedaya kedah dipunlengseraken. Sapunika, pangreh suraosipun namung para bajingan kemawon. Piyambakipun sedaya dipunpilih dening para bajingan lan sedayanipun ugi minangka para bajingan. Punika reribedipun. Dhateng pundi kemawon panjenengan tindak, mila panjenengan namung badhe manggihi para bajingan punika. Manda. Katamtuanipun sampun dipunparingaken, manda. Malah ugi ing salebetipun wewengkon pakempalan kawula sedayapun wonten kathah sanget bajingan. Mangga pirsani kemawon laporanipun. Senaos dene piyambakipun sedaya sampun rawuh kangge dipunleresaken, namung sedayanipun panggah bajingan. Piyambakipun sedaya mboten saged ngendhegaken pakulinanipun.

Amargi menika, sampun dados limrah ing salebetipun penggalih para priyantun bilih manda suraosipun "ingkang durjana sedayanipun." Nanging bentenipun inggih menika bilih ing salabetipun wewengkon pakempalan kawula sedaya, kadurjanan punika saweg dipunleresaken, senaos dene wonten ing jawi mrika, punika mboten wonten setunggalpun budidaya kangge ngleresaken. Wonten pangajeng-ajeng bilih piyambakipun sedaya badhe wangsul dados sae malih, nanging wonten ing jawi mrika mboten wonten setunggalpun pangajeng-ajeng. Punika bentenipun. Menawi mboten, mila sedaya priyantun menika durjana. Tanpa wontening bentenipun, mila panjenengan saget ngendikan. Mandāḥ sumanda-matayo Mandāḥ sumanda-matayo (SB 1.1.10).

Sapunika, kados pundi anggenipun supados pangreh saged dados sae? Punika ugi minangka ingkang durjana. Asmanipun Mahāprabhu inggih menika Patita-pāvana, Panjenenganipun ngawilujengaken sedaya priyantun durjana. Ing salebetipun Kali-yuga punika mboten wonten priyantun ingkang sayekti sae - sedayanipun durjana. Panjenengan kedah dados kiyat kangge ngajengi sedaya priyantun durjana punika.